Tembung Kawi lan Basa Rinengga
Tembung
kawi iku rinaket banget karo basa rinengga. Tembung-tembung ing basa
rinengga di jupuk saka tembung kawi. Tembung kawi yaiku tembung-tembung
ing Basa Jawa kanga sale saka Basa Jawa Tengahan utawa Jawa kuna.
Tembung-tembung iki wis arang banget digunakake kanggo omongan padinan
(omongan sehari-hari), mula saiki wis arang keprungu. Mula ana
saperangan masayarakat sing ora ngeti babar blas.
Tembung-tembung
kawi akeh digunakake ing basa rinengga, yaiku basa kang digunakake
kanggo nggambaake kaendahan lan kawibawan. Basa rinengga migunakake
tembung-tembung kang endah lan edi peni, kebak kawibawan, mula
tembung-tembunge akeh dijupuk saka tembung-tembung kawi. Basa rinengga
diginakake kango panyandra ing pahagyan mantu. Dene jinise kayadene:
a. Panyandra penganten lanang lan wadon
b. Panyandra tata praja
c. Panyandra kirab penganten
d. Pananda sasana pawiwahan, lsp.
Tuladha tembung-tembung kawi:
Dina
Ø Dite : Ahad
Ø Soma : Senen
Ø Anggara : Selasa
Ø Buda : Rabu
Ø Respati : Kamis
Ø Sukra : Jum’at
Ø Tumpak : Sabtu
Pasaran
Ø Manis : Legi
Ø Jenar : Paing
Ø Palgun : Pon
Ø Cemengan : Wage
Ø Kasih : Kliwon
Keblat
Ø Puwa : Wetan
Ø Daksina : Kidul
Ø Pracima : Kulon
Ø Utara : Lor
Warna
Ø Rekta : Abang
Ø Kresna : Ireng
Ø Seta : Putih
Ø Jenar/jene : Kuning
Ø Wilis : Ijo
https://jendelailmubasajawi.wordpress.com/2014/01/12/tembung-kawi-lan-basa-rinengga/
Tidak ada komentar:
Posting Komentar