Rabu, 02 Desember 2015

ROMAN REMAJA

Adhuh, Kapok!

*Selasa
Rena wis ngantuk banget. Mripate merem melek wae. Adhuh, Pak Broto kok gak wis-uwis sih. Pengin turu, ngko diamuk. Iki rak guru galak banget. Apa maneh kaya brengose Pak Raden. Si Ferdi wae, sing nakal nomer siji ing kelas isa lungguh manis, gak blingsatan kaya biyasane. Gak ngerti apa sing diingeti. Sing mesthi ora merga rumus-rumus kimia ing papan tulis. Suwe-suwe matane Rena saya abot, gak bisa dibukak. Karepe nutup. Turu dhi­sik ah, mumpung pak Broto lagi nulis. Oh, enake.
“Rena.’ undange Keke, kanca sabang­kune. Uh, sapa sing nganggu?
“Rena, tangi. Diingeti Pak Broto ki.”
“Ren.” Keke ngudang meneh karo nji­wit tangane Rena.
“Adauu, lara. Ana apa sih?” Ning Keke ora njawab, mung nglirik sisih kiwane Rena. Ups, Pak Broto.
“Piye turune Irena, enak?”
“Enak, Pak.” jawabe Rena ndhingkluk.
“Wis. Merga kowe ora ngawaske, dak­kira yen wis ngerti. Mulane, maju wae ngga­rap soal ing papan tulis, terus te­rangke mring kancamu.”
“Aku, Pak?”
“Iya. Kowe.”
Mati aku. Gemeteran Rena maju, nju­puk kapur, terus maca soal ing papan tu­lis. Wadhuh, angel banget. Priye nja­wabe?
Semenit, rong menit, akhire limang menit. Rena isih ngadeg karo kukur-kukur sirahe.
“Priye Rena?”
“Ngapuntene Pak. Mboten saged.”
“Ora bisa?”
“Inggih, Pak.”
“Adhuh mampus aku” batine Rena.
“Ukumane, garap latihan kaca 56 nomer 1 nganti 30, ping lima, dikumpulke sesuk jam 7 esuk. Cukup semene, sela­mat pagi.”
“Ah, Pak Broto tega banget.”
“Ye, salahmu dhewe. Wis ngerti sing ngajar Mister Broto guru paling killer, ma­lah wani turu.”
“Mosok ukumane akehe ngono. Satus seket soal. Bayangke. Sak soal jawabane sethithike limang lembar. Pegel banget.”
“Pancen kowe mau bengi ngapa sih? Rondha?”
“Gak. Iki gara-garane misananku, Putri sing nginep.”
“Ha….ha….ha. Kasihan banget?”
Tet….tet….tet.
“Eh, ngasone kok wis entek padhahal aku durung ning kantin. Adhuh luwe ba­nget iki, gak sempet sarapan.”
“Ah, tau ah…”
Jam 11 bengi. Rena isih nggarap tu­gas. Isih setengah, mangka wis wiwit mu­lih sekolah mau. Iki carane piye sih. Kok gak ketemu jawabane, batine Rena bi­ngung.
Tet to tet tot. Ana SMS mlebu.
Selamet lembur ya Non. Sender: Keke jelek
Ih, usil banget bocah iki. Ora ngre­wangi. Ah terus wae. Ngko gak rampung disemprot maneh karo Pak Broto.
*Rebo
“Ren, wis ngumpulke tugas?”
“Wis. Ning sawengi gak turu. Wadhuh ngantuk banget.”
“Tenang wae, gurune rak nyantai. Arep turu gak masalah. Sing penting gak ribut.”
“Ya. Terserah bener apa salah. Sing penting nggawe. Eh, Dion bocah kelas loro kok ngguyu pas ketemu aku mau?”
“Gak usah gumun. Kabar kowe ketu­ron lan kena ukuman wis nyebar sa-sekolahan.”
“Hah? Apa iya? Adhuh ngisin-isini.”
“Wis santai aja. Pisan-pisan dadi se­lebritis.”
Bu Endah nerangake system perna­fasan manusia. Nanging Rena ngantuk ba­nget.
“Rena, kowe ngapa. Ngantuk?”
‘Iya, Bu. Bubar rondha.” jawabe Putra.
“Wis. Ben ora ngantuk, tulung tuliske ringkesan iki ing papan. Ibu arep ning kantor sedhela.”
“Yah, nasibmu lagi elek Ren. Ditrima wae. Muga-muga iki sing keri.” omonge Keke wektu mulih.
“Amin. Muga-muga wae.”
*Kemis
“Selamat pagi, anak-anak.”
“Pagi, Pak.”
“Keluarkan kertas. Kita kuis.”
“Pak, durung sinau.” ujare Putra.
“Adhuh piye iki. Aku rak gak ngerti kimia.” grenenge Rena ing ati.
“Oke soale ana ing papan tulis. Garap dhewe wektune 60 menit.”
Lho, soale kok persis sing dakgarap wingi. Mung angkane sing diowahi. Asyik, gampang nih.
Patang puluh menit, Randi maju merga wis rampung. Gak heran wong juara kelas.
“Hem, bagus. Bener kabeh. Wis oleh metu. Sapa meneh sing wis rampung?”
Maju gak ya? Ah cuek ae ah. Maju.
“Rena, kowe wis rampung?”
“Inggih, Pak.”
“Sik. Hemm.” Pak Broto ngoreksi jawabanku.
Waduh tegang banget.
“Apik Irena.” kandhane Pak Broto gawe kaget. “Tugas wingi ana gunane ya. Sepuluh.”
“Hah, bener, Pak?”
“Iya. Kowe oleh metu.”
Adhuh biasane entuk do re mi saiki dadi sepuluh. Mami, ngimpi apa aku suwengi. Rena seneng banget.
“Ren.” Keke ngudang.
“Eh, mrene. Kowe curang. Gak bagi-bagi jawaban.”
“Aku gak ngerti jawabanku bener apa ora. Paling mung entuk enem, eh malah sepuluh.”
“Ning untung banget, soale padha karo tugasmu wingi.”
“Ya. Wingi aku sial terus, saiki wektune untung to. Istilahe habis Gelap Terbitlah Terang.
“Yen ngono sesuk aku turu ah pas pelajarane Pak Broto. Ben entuk tugas, terus kuis bisa nggarap.”
Rena langsung ngethak sirahe Keke.
(dijarwakake dening Rusdi Ngarpan Suryapati  saka Aduh, Kapok,  Majalah Kawanku 11/2008)

https://tanahmemerah.wordpress.com/kasastraan/cerita-berbahasa-jawa/roman-remaja/adhuh-kapok/

Tidak ada komentar:

Posting Komentar