ABIMANYU
Abimanyu menika salah satunggaling paraga wayang wonten
cariyos Mahabharata. Piyambakipun menika putrananipun Arjuna kaliyan salah
satunggaling garwanipun Dewi Wara Sembadra. Papan dununganipun wonten
ing kasatriyan Tanjunganom iya Plangkawati.
a. Nami
Tembung
Abimanyu kadadosan saking kalih wanda Sansekerta, inggih menika Abhi, ingkang artosipun kendel
lan manyu, ingkang artosipun watak. Dasose, artosipun Abimanyu menika tiyang
ingkang gadahi watak kendel. Dasanaminipun Abimanyu inggih menika :
- Angkawijaya
- Partasuta
- Sumbadraja
- Aribawa
- Jayamurcita
- Arjunatanaya
- Kiritiatmaja
- Jaka Pengalasan
- Wanudara
- Pamulatsih
- Banjaransari
- Bimamanyu
b.
Sederekipun
Abimanyu
gadhah 13 sederek saking sanes-sanes ibu, inggih menika Sumitra, Bratalaras,
Bambang Irawan, Kumaladewa, Kumalasakti, Wisanggeni, Wilungganggga, Ending
Pregiwa, Ending Pregiwati, Prabakusuma, Wijanarka, Antadewa, lan Bambang
Sumbada.
c.
Gambaranipun Abimanyu
Ing
padhalangan, Abimanyu menika digambaraken kadadine satriya kang bagus citrane, alus budine, tanggung
jawab, nanging kala-kala getapan (gampang nesu) lan gampang mara tangan. Kaya
ingkang rama, Abimanyu kondhang kadidene satriya utama sing kuat tapabratane,
mula Abimanyu klakon kasinungan wahyu-wahyu kanarendran, kayata wiwit wonten
kandutan piyambakipun sampun pikantuk Wahyu Hidayat ingkang mumpuni mangertosi
sedaya bab perkawis. Ugi Wahyu Cakraningrat, salah satunggaling wahyu ingkang
saged nurunaken raja-raja ageng, piyambakipun ugi pikantuk Wahyu Antatwulan,
lan sapiturute. Miturut wecaning dewa sinten ingkang pikantuk wahyu-wahyu menika bakal bisa dadi narendra gung binatara.
Nanging Abimanyu mboten ngantos klakon madeg ratu, jalaran piyambakipun gugur wonten
paperangan Barathayudha ing Tegal Kurusetra kanthi dikrocok gegaman lan
dikroyok dening para Kurawa.
d. Abimanyu nalika tasih alit
Nalika
tasih alit, Abimanyu nelasaken wekdalipun wonten Dwaraka, kitha lenggahipun
Ibunipun. Lan wekdal tasih alit, Abimanyu klakon nyirnakake nata ing
Plangkawati, Prabu Angkawijaya lan patihe aran Jayamurcita,
kang nduwe kekarepan arep nggarwa Dewi Wara Sumbadra, ibunipun, ingkang sampun
diwengku garwa dening Arjuna lan peputra Abimanyu. Prabu Angkawijaya lan
Jayamurcita tiwas saka tangane Abimanyu. Sukmane manjing ana ragane Abimanyu,
lan negarane uga banjur dadi kasatriyane Abimanyu.
e.
Garwanipun Abimanyu
Garwanipun Abimanyu
menika 2, inggih menika :
1. Dewi
Siti Sundari, putrinipun Prabu Kresna, Raja ing Negari Dwarawati kaliyan
garwanipun Dewi Pratiwi.
2. Dewi
Utari, putrinipun Prabu Matsyapati kaliyan garwanipun Dewi Ni Yutisnawati,
saking negari Wirata. Saking Dewi Utari, Abimanyu ghadah detunggal putra inggih
menika Parikesit.
f. Gugure Abimanyu
Ing Perang Baratayuda, Abimanyu bisa klakon mbedhah
gelar perang Cakrabhyuha, sing dipandhegani Pandhita Durna nadyan akhire gugur
kanthi tatu arang kranjang amarga diranjap gegaman marang Kurawa. Mula lakon
Abimanyu gugur uga asring karan "Ranjapan Abimanyu Gugur" kang pancen
ngeres-eresi.
g. Abimanyu lan Lesmana mati sampyuh
Ing peperangan Barathayudha, Abimanyu ingkang belani Pandhawa
menika sampun tatu arang kranjang lan katon tanpa daya, nanging tesih tetep
maju. Lesmana Mandrakumara iya
Raden Sarojakusuma (putrane Prabu Duryudana,
nata Ngastina) kang kepingin mrejaya Abimanyu, banjur maju nyaketi karo nggawa
keris ligan. Keris iku arep kanggo nyuduk Abimanyu, nanging kurang prayitna.
Abimanyu tetela isih nggegem keris Kyai Pulanggeni. Lesmana namake kerise
marang Abimanyu kang njalari tumekeng pati. Nanging sadurunge sukmane oncat
saka ragane, Abimanyu uga kasil nyuduk Lesmana Mandrakumara nganggo Pulanggeni
nganti Lesmana tumekaning pati. Kekarone mati sampyuh. Weruh Lesmana
Mandrakumara mati, Jayadrata (bapa pamane Lesmana) ngepruk
sirahe Abimanyu kang wis tanpa daya nganggo gada Kyai Glinggang saengga
musthakane ajur mumur. Abimanyu gugur ing madyaning rananggana. Para Kurawa surak
ambata rubuh. Goteking wong akeh sing mateni Abimanyu iku Jayadrata iya
Tirtanata. Abimanyu gugur wekdal yuswa 16 taun.
Miturut crita, Abimanyu menika bayanganipun putranipun Dewa
Bulan. Nalika sang Dewa dipunpundhuti pirsa dening Dewa sanesipun ngengingi tindakipun
putranipun wonten Bumi, Dewa Bulan nimbali menawi piyambakipun damel perjanjian
menawi putranipun manggen wonten bumi namung laminipun 16 taun. Mula Abimanyu
wekdal yuswa 16, piyambakipun kepejahan wonten ing peperangan.
h. Sawise Abimanyu gugur
Udan tangis para pepundhen Pandhawa.
Arjuna, ramanipun Abimanyu sumpah, yen dina iku uga ora bisa mateni Jayadrata,
dheweke luwung lampus dhiri. Dening para Kurawa Jayadrata diumpetake ing
gedhong waja. Dijaga rapet, pamrihe supaya aja nganti bisa dipateni dening
Arjuna lan Arjuna dhewe supaya klakon "tata glondhong" lampus dhiri
kanthi cara pati obong. Nanging bab iku diwuningani Prabu Kresna (botohe
Pandhawa). Jayadrata dipancing murih ngungak kahanan njaba liwat jendhela. Ya
nalika Jayadrata anguk-anguk liwat jendhela kuwi, Arjuna nglepasake jemparinge
Kyai Sarotama. Ngenani janggane jayadrata saengga tugel thel lan sirna
margalayu.
http://dhea-adzana.blogspot.co.id/2012/01/abimanyu.html
Tidak ada komentar:
Posting Komentar