Kita mesthi ora asing maneh ngenani babagan candra. Amarga nalika kita nekani kondangan temanten, pranata cara mesthi nyandra temanten sakloron ngepasi kirab, lan wangsul kirab. Candra uga akeh diprangguli ing pedhalangan utawa pewayangan, sarta ing kethoprak. Wondene sing diarani nyandra yaiku : nggambarake kaendahan utawa kahanan sarana pepindhan. Dadi kang luwih digatekake gegambaraning kaendahan utawa kahanane, dudu dhapukaning ukara kang ditengenake. Dhapukaning ukara yaiku pepindhane kang amung kanggo sarana panyandra.
Wong nyandra iku ora mesthi nganggo basa
kang dakik-dakik lan ora mesthi nganggo basa rinengga utawa basa pepaes.
Akeh wae wong nyandra amung nganggo tetembungan sing lumrah, kayata :
lakune kaya macan luwe, bangkekane kaya tawon kemit, irunge ngudhup
mlathi, athi-athine ngudhup turi, lan sapanunggalane. Wondene panyandra
sing nganggo basa rinengga antarane, kayata : grana rungih pindha
kencana pinatar, eseme pindha madu pinustika, dhasar sulistya ing warna
sinembuh tyase ngumala, lan sapanunggalane.
Mungguh kang lumrah dicandra, yaiku :
peranganing awak manungsa lan bab kang gegayutan karo manungsa,
perangane awak danawa lan bab kang gegayutan karo danawa, uga kaananing
alam. Wondene tuladha-tuladhane kaya mangkene :
Candra kang tumrap manungsa, Candra kang sinawung ing pethikan tembang Asmaradana:
Sang putri Banoncinawi
rum-arum Dyah Bratajaya
yen cinandra sawarnane
kurang candra luwih rupa
nyata tan ana mimba
slira sedhet singset lurus
pindha gambar wewangunan.
Pamulu ambengle kiris
pindha parade binabar
ruruh wingit pasemone
jatmika arang ngandika
tajem mawa prabawa
rema memak ngembang bakung
semu wilis ngandhan-andhan.
(S. Padmosoekotjo)
Maksude kaya mangkene :
Senajan rupane Dyah Bratajaya utawa Dewi
Wara Sembadra saka Banoncinawi, wis dicaritake kaendahane nganggo
pepindhan kang pinunjul, isih luwih endah warnane utawa rupane Dyah
Bratajaya tinimbang karo kaendahane barang sing kanggo memindhanake.
Awake singset lan becik wangune persis kaya wewangunan gambar. Pasuryane
kuning sumunar tajem mawa prabawa, arang ngendika yen ngendika tansah
nganggo trapsila, lan rekmane ketel sulak ijo ngandhan-andhan.
Candrane manungsa nesu
Lir sinabit talingane,
jajabang mawinga-winga,
sinabeta merang sagedheng, bel dadi geni.
Angga pindha mubal dahana, netra andhik angatirah,
imba tepung,
idep mangada-ada,
waja gathik,
kumedhut pardoning lathi.
Saking bangete nggeget waja,
kecoh marus ariyak ludira.
Maksude kaya mangkene :
Candra ing dhuwur nggambarake wong kang
lagi nesu banget, atine panas kaya disabet sagedheng merang kobong. Lan
digambarake mripate mencereng abang, alise nganti gathuk, idepe ngadeg
njegrag lan untune nggeget nganti metu getihe. Candra kaya mangkene
biyasane bisa kita temoni ing lakon pewayangan utawa ana ing kethoprak.
Candrane Wong Minum
– Eka padmasari, minum sasloki agawe sumringah rai, pepindhane kaya sumringahe kembang trate kang warna abang.
– Dwi amartani, minum rong sloki marakake luput ing pati utawa marakake kalis ing pati.
– Tri kawula busana, wong minum telung sloki wiwit duwe polah nganeh-anehi utawa owah adate.
Pepindhane kaya abdi kang manganggo sacara bendarane.
– Catur wanara rukem, minum patang sloki kaya wanara mere-mere ana ing wit rukem. Karepe gunemane wiwit kaya wong ndleming.
– Panca sura panggah, minum limang sloki atine tatag-tanggon sugih kewanen, sarwa keduga nadhahi gegaman, sepi ing rasa was sumelang.
– Sad guna weweka, minum nem sloki sirna pangati-atine.
– Sapta kukila warsa, minum pitung sloki kaya manuk kang kadhemen amarga kudanan, njedhindhil.
– Asta sacara-cara, minum wolung sloki solah tingkahe wis ora karuwan, tinggal tata, lali kasusilan.
– Nawa gra lupa, minum sangang sloki awake wis lungkrah nglumpruk tanpa daya, amarga wis kakehan polah.
– Dasa yaksa mati, minum sepuluh sloki pepindhane kaya danawa mati, nglegorong meneng wae lan ora obah-obah.
Candra ing dhuwur nggambarake lelakune
wong minum saka awake isih sumringah tumekaning ora bisa apa-apa maneh
nganti kaya buta mati.
Candrane paprangan
Swaraning gong, beri, pusur, tambur,
tempuk lan gathiking watang sarta bengingehing jaran,
kaya mbelah-mbelahake bumi,
polahe wadya bala kaya gabah diinteri.
Tandange kaya bantheng ketaton.
Kehing pepati kaya babadan pacing.
Ing paprangan prasasat banjir getih asarah wangke.
Candrane Danawa
Mijil :
Ageng inggil gagah godheg-wok bris,
netrane kadya mong,
wuluwawar sumingkal alise,
simbar jaja pan kadya walingi,
idepnya angisi,
wulune ngrembuyung.
Nggambarake buta gedhe dhuwur, raine
kebak rambut, ya godhegen, brewoken, uga jenggoten lan matane kaya mata
macan. Wulu ing dhadhane gedhe-gedhe lan dawa-dawa kaya suket wlingi,
alise kandel, lan idepe sakisi-kisi.
Candrane Kaananing Alam
Candraning kaananing alam iku kayata :
candraning alam ing wayah esuk, sore, wengi, ing gunung, ing segara, ing
padesan, lan sapanunggalane.
Tuladha candraning alam kang gegayutan karo gegantine mangsa, kayata :
Sotya murca saking embanan,
ing mangsa kasa wit-witan akeh kang brindhil.
Bantala rengka,
mangsa karo akeh lemah padha mlethek,
lan sapanunggalane.
Candrane alam ana ing tembang Durma :
Tan pantara bayu bajra maliweran
Geter-geter mawredi
Genjot kang bantala
Kartika tibeng kisma
Dres sumawur sang Hyang Riris
Kocak samodra
Lindhu mawanti-wanti
(Punarbawa II)
Tembang ing dhuwur nggambarake kaanan
alam lagi dumadining bencana amarga angin gedhe utawa lesus tanpa
kendhat, bumi oreg, lintang tiba ing bumi, udan deres, ombak gedhe sarta
lindhu kang ambal-ambalan.
Dadi kaendahan kang kamaksud ing candra
iku ora amung kaendahaning rupa secara fisik. Ananging uga kaendahaning
basa kang direnggani mawa lelewaning basa, kang biyasane migunakake
lelewaning basa hiperbola. Hiperbola iku lelewaning basa kang nyatakake
bab kanthi cara kaluwihan, supaya ukara dadi katon luwih edi lan
mbangkitake daya tarik.https://tanahmemerah.wordpress.com/lawak/bahasa-jawa-2/candra/
Tidak ada komentar:
Posting Komentar