Rabu, 02 Desember 2015

PANTUN CINTA BAHASA JAWA

Esuk embun madep monyong
Akeh temen banyu segara
Nok isun arep ngomong
Isun demen karo sira





Manuk glatik ning duwur seng, menclok
Sira cantik isun ganteng, cocok



Ana arjuna karo kresna
Mangan salak karo sate baya
Arane gen wong tresna
Bocah blesak ya kaya luna maya


Sapa weruh mobat-mabite
Wong baita kaisen toya
Sopo weruh bibit kawite
Wong sak dunyo ra ono sing liya


Sawunggaling carito kuno
Sing digawe kayune jati
Yen eling dang sambangono
Ojo gawe gelaning ati


Lelene mati ditutuk
Gowo mrene tak sujanane
Yen merene ra nate petuk
Ndang merene tak entenane


Putih-putih kembang randu
Kuning abang kembang palase
Ati seddih nang awak kuru
Kelingan adik ayu rupane



 http://wawartos.blogspot.co.id/2013/11/pantun-jenaka-khusus-bahasa-jawa.html

Tidak ada komentar:

Posting Komentar