Jumat, 18 Desember 2015

TATA ADAT PERNIKAHAN BUDAYA JAWA


ADAT TRADISI JAWA
Para sutresna Budaya, saderengipn kula ngaturaken bab adat Upacara manten, kang kedadosanipun manake warni, liripun boten sanes amargi tasih sami ngegegi paugeran ingkang boten nilar suba sita. Sarta amargi sami sesambetan ing madyaning brayat agung, ingkang sedaya wau tondhonipun boten sanes anggenipun badhe kepengin ngluhuraken satunggal lan setunggalipun.
Sambet kaliyan punika wau, petang kula bilih siaran RRI lajeng dados srana gerelya budaya, liripun jaman kamardikan dumuki sepriki kados-kados kabudayan Jawi nembe kalindhih kabudayan maca, ingkang kados-kados lajeng cengkah kaliyan poaugeran lan piwucal para pini sepuh.
Mila Siaran bab upacara adat kang lumantar Prog IV RRI sampun dipun tampi ngguroni, nanging kepengin ndhudhah lan nggugah para sutresna budaya ing pundi papan, langkung-lakung ingkang sami nyebat tiyang jawi ( Wong JAWA) murih sampun ngatos kecalan jawinipun.
Dene mligi kula pribadi ingkang kadhawuhan ngaturaken boten ateges kula badhe ngguroni panjengan sedaya. Awit sejatosipun ingkang kula gadhahi pepindhanipun sak agenging kuku kemawon dereng wonten, punika estu, namung kadereng kepengin ndherek tumut cawe-cawe murih lestariipun kabudayan Jawi ingkang adi luhung punika.
Mila Panuwun kula, nyuwun para sutresna budayan sami kersa paring atur pemanggih pamrayogi, lan panyaruwe,  murih warisan kabudayan Jawi ingkang adiluhung, tumuli saged kumbul malih. Kepara saged dados srana meper kabudayan manca ingkang laras kaliyan kabudayan Jawi.

BEDANIPUN UPACARA MANTEN JOGJA  LAN SOLO
Dene wanci punika kula badhe ngaturaken mligi bab bedanipun upacara adat ingkang bade kagungan kersa mantu. Mligi Ngayogyakarta kaliyan Solo. Ingkang sampun dipun damel paugeran, ingkang sipatipun kepara nasional. Dene  gambaripun Upacara makaten:
No Gagrak Yogya Gagrak Solo Keterangan
1 Nontoni
Nontoni Woten, sampun boten mlapah
2 Lamaran
Lamaran Woten, sipatipun mana suka adat kulawarga
3 Asok tukon
Asok tukon Woten, sipatipun mana suka adat keluwarga
4 Srah-srahan, Nyantri
Srah-srahan Woten, sipatipun mana suka, umum sapunika sedinten utawi kalih dinten saderengipun ijab
5 Tarub
Tarub Woten, sipatipun mana suka,  awit wonten 3,2,1 dinten saderengipun tempuking damel utawi lijab
5 Siraman
Siraman Woten, Resmi padatan benten. Solo, wonten bopongan,  mande dawet lan potong rekma. Yogya bibar siraman gantos busana nyampingan grompol + nogosari
6 Midodareni
Midodareni Woten, sipatipun Resmi, padatan benten. Solo wonten nebus kembar mayang
7 Ijab
Ijab Woten. sipatipun Resmi menggahing nagari

Panggih
Panggih Woten, sipatipun Resmi atat Jawi  padatan tata upacaraipun benten-benten
8 Resepsi
Resepsi Woten, Siapatipun resmi, mana suka
Saking sarenteten upacara wau sak perangan sampun wonten paugeran, kados antawisipun:
  1. Tata Adat upacara Siraman
  2. Tata adat upacara Panggih
  3. Tata adat Rias penganten
  4. Tata adat Model busana Penganten
Dene sanesipun sipatipun tasih mana suka, tegesipun gumantung pribadi ingkang kagunan kersa..dene tetimbanganipun murih gampilipun. Mila lajeng wonten sebagian upacara dipun gabung kados conipun
  1. Nontoni sampun boten mlampah, awit lare sampun sami tetepangan
  2. Adicara Lamaran dados satunggal kaliyan asok tukon, Lan wanci punika kirang mantepin dipun wonteni  tukar cicin. ( awit tukar cincin sanes tata adat Jawi )
  3. Adicara Srah-srahan kaliyan adicara Asok Tukon
  4. Adicara Midodareni, sampun boten wonten, gantosipun dipun wonteni Upacara Srah-srahan lan ugi Asok Tukon, Mligi kang ngrasuk agami Kristiani dipun wonteni sembayangan, utawi Biston, Kang islam waosan Alqur’an Ingkang sedayan wau manut gothek ing  ngakathah murih gampilipun.
Namung caos wuninga mligi bab upacara Srah-srahan yen ngajeng sampun wonten upacara srah-srahan inggih srah-srahan kang werdinipun tanda sarujuking rembag antawis kulawarga setunggal lan satunggalipun, mila lajeng wonten tanda dados /jadi nggenipun nglamar.  Samenika wonten upacara tukar cicin
Mila Srah-srahan nalika Midodareni pemanggih  kula srah-srahan calon pengaten, mila prayogi boten perlu mbekta punapa-punapa.
Dene kados ingkang kula aturaken ngajeng ,  tasih kathah ingkang dereng dipun damel paugeran, ingkang sipatipun tasih mana suka, kados contonipun
  1. Nontoni;
  2. Lamaran
  3. Asok Tukon
  4. Srah-stahan
  5. Pasang Tarub
  6. Ugi Bab busana kagem tiyang sepuhipun lan busana pengombyong manten : Buku tamu, pager ayu/bagus, among tamu. Lan MC
Makaten sawantawis atur kula sumangga para sutresna kersa nunggal kanthi paring pemanggih. Murih saged mbuka manah para kadang sutresna Budaya , mligi kang badhe kagungan kersa saged langkung terwaca.
Bab Adat Nontoni
Adat Nontoni punika satunggaling tata cara Jawi,  mligi satunggaling kulawarga ingkang kagungan putra kakung, badhe ngersakaken putra mantu, ingkang dados inceranipun. kagem putranipun, gampilipun ingkang badhe dipun suwun dados sisihanipun putranipun
Mila kulawarga kakung lajeng mbudidaya matah satunggaling wakil kulawarga utawi duta, ingkang kadhawuhan nangletaken utawi pados sisik melik, wonten dalemipun lare estri  ingkang dados inceranipun wau.
Mila wakil kulawarga wau sowan wonten tiyang sepuhipun lare estri , ingkang ugi nganthi putra kakungipun. Liripun samangke saged pirsa piyambah larenipun.
Dene kulawarga pihak putri, sampunipun nampi rawuhipun para tamu, ing salajengipun badhe ndhawuhi putranipun putri ingkang dados wigatosing rembag kadhawuhan  ngladosaken unjukan, sarta dhahar kagem para tamu wau. Liripun  sageda dipun pirsani ingkang badhe ngersakaken, leres lan botenipun
Adat ingkang sampun, wonten ing  adicara nontoni rantamanipun:
  1. Atur Pambuka saking kulawarga. Wigatosig atur, ngaturaken kasugengan, sarta mundut pirsa wigatosipun anggenipun sami rawuh.
  2. Atur pangandikan saking pihak tamu. Wigatos atur,  ngaturaken salam taklim Bpk X. Lan matur punapa ingkang dados wigatos sowan.
  3. lajeng kacaosan unjukan lan dedhaharan. Wonten adat caos unjuk punika putra putri ingkang wigatosing rembag ingkang ngladosaken. Dene putra kakung ingkang badhe ngersaken wau namung mirsani kanthi ulat manis, lan tanggap ing samita.
  4. salajengipun kulawarga pihak kakung sami nyuwun pamit, wigatosing rembak sanes wedal badhe sowan malih
  5. panutup, atur pangandikan saking kulawarga putri, lan boten kesupen atur salam taklim katurna bpk. X
  6. Salajengipun wakil kulawarga kondur, lan caos palapuran wonten ngersanipun Rama saha ibu putra kakung wau
Pramila adat nontoni satunggaling adat ingkang luhur, awit upacara Nontoni boten nilar suba sita anggen sami gesang ing madyaning brayat agung kang maneka warni

Punapa ingkang dipun kajengaken BIBIT, BEBET, BOBOT:
Wigatosing rembag: Upacara Nontoni, satunggaling adat tiyang sepuh ingkang badhe kagungan kersa mantu, kanthi pangajab putranipun manggih begja mulya. Mila 3 prekawis kang dados tetimbangan :  BIBIT, BEBET, BOBOT
Sambet bab wau, lanjeng punapa werdinipun, lan punapa tasih relepan?:
Saking pemanggih kula bab upacara nontoni, najan kawontena tambah maju, lare sampun sami tepang, nanging jejering tiyang sepuh  kinten kula sae lan prayogi tetep cawe-cawe, paring tetimbangan. Jaman kawuri tetimbanganipun kados ingkang asring kapireng ingkang dipun wastani: BIBIT, BEBET LAN BOBOT punika
Dene saking pemanggih kula tetimbang punika wonten saenipun, awit werdinipun  :
  1. Bibit. Gampilipun wiji, asal-usul saking pundi utawi kulawarga kang kados pundi. Awit kula pitados bibit ingkang sae tumusipun damel brayat utawi kulawarga ugi sae, boten gampil crah utawi padudon.
  2. BEBET. Kinten kula tetimbangan punika ugi tasih perlu, awit; bebet = sipat, watak larenipun, murih saged larasing anggenipun sami bebrayan.  Mila pangajabipun murih  saged sami mong kinemong antawis satunggal lan satunggalipun. Mila ingkang perlu dipun emut, bilih watak dados sandhanganing tiyang , utawi dados ciri-wancinipun, boten saged ewah.
  3. BOBOT, tumanduk saged saking kapinteran, saking derajat, utawi saged kadungan raja brana.
Ewa semanten kula sumanggaken. Awit sedaya ugi saking nasibing lare. Nanging yen ngemuti duk semanten dados tetimbangan bilih BIBIT, tegesipun wiji, utawi asal-usuling kulawarga, kados pundi sae lan botenipun, BEBET, tegese derajat turunipun, mligi sipat lan watakipun. BOBOT, tegesipun larasing gesang ing tembe wingking
Makaten saklumit gambar adat nontoni ingkang kula mangertosi. Pramila kula sumanggakaken  para sutresna budaya  badhe nanggapi.


Bab Adat Lamaran
Kados pundi babaring adat lamaran jaman kawuri lan kados pundi prayoginipun ing wanci punika ?
Adat ingkang sampun, upacara lamaran katindakaken saksampunipun angsal sisik melik, lare istri ingkang dados inceranipun cetha dereng dipun wengku kakung.
Dene urutaning adicara lan uba rampening Lamaran kang baku
  1. Atur pambuka saking kulawarga
  2. Atur panglamar ( saged ngagem surat , atur pangandikan).
  3. Caos tanda katresnan ( oleh-oleh, maneka warni dhaharan saking ketan,  werdinipun murit saged lengket / kelet) tumus sageda lajeng rumaket pepindhaning renggang gula kepyur pulut
  4. Caos kintun oleh-oleh yen tamu wau kondur
  5. panutup.
Adat Asok Tukon
Sajatosipun asok tukon, boten perlu dipun acarani, tegesipun saged sesambetan langkung prei, Dene Asok tukon kathahipun dipun dadosaken satunggal kaliyan nalika Lamaran.  Lan wonten nalika Malam Midodareni
Dene uba rampe asok tukon :
  1. Sanggan.
  2. Busana satunggal pengadeg kagem calon manten putri
  3. tindhih ( arta kathah sekedhikipun sumangga )
  4. Oleh-oleh, ujude dhadharan saking ketan
  5. Yen Eyangipun tasih sugeng, dipun kantheni nyaosi pesing





Bab Pasang Tarub
Saking pemanggih kula Tarub, satunggaling adat mligi tiyang ingkang badhe kagungan kersa mantu. Liripun jaman kawuri kagem ngawekani yen tamu ingkang rawuh kathah. Nanging ugi kepara malah saged dados pratanda bilih ing mriku wonten ingkang kagungan kersa. Kejawi saking punika ngendikanipun para pini sepuh bilih pasang tarub satunggaling adat ngawekani dhatengipun bab-bab ingkang boten prayogi, mila tarub ugi dados satunggaling srana talak balak.
Manut crita kina pasang tarub dados pratanda nyuwun dumateng ingkang jagi lingkung utawi papan mriku kawentaripun dipun sebat ingkang mbaureksa, kanthi pangajab murih tumut ngrencang-ngrencangi. Nanging ugi wonten ingkang kagungan pemanggih dados srana anggenipun nyuwun dumateng ‘Ki Jaka Tarub’ supados kersa mbantu sarta jagi anggenipun kagungan kersa  murih papan wau saged cekap(amot)  lan mboten nguciwani anggenipun nampi para tamu.
Kejawi saking punika pasang Tarub. asring wonten ingkang ngagem petang utawi tetimbangan ingkang sipatipun dipun wastani  “saat”.  Dene tetimbangan wau lajeng kados-kados dados paugeran awit dinten lan wancinipun dados pathokan, lan wonten bab sanes, kados contonipun yen sareng naasipun kulawarga. mila pinanggihipun unik. Dene tetimbangan kula ingkang baken; dinten lan wekdal saged disengkuyung dening sanak sederak punapa boten, nuwun semu punika kula. Ingkang tentu kemawon boten nilar paugeran Jawi, awit wewujudan tarub wau estu damel regenging papan, kepara damel aguning budaya Jawi, sarta saged damel kajen kelingan kang kagungan kersa
Pasang tarub punika saking masang tratak dan bleketepe, serta pasang tetuwuhan. Dene Tetuwuhan punika kapasang kagem regol mlebet medalipun tamu.
Tutuwuhan ingkang dipun agem werni-werni, ingkang awujud who-wohan ( biji ), wit-witan, ingkang kapilih dados lambing punpa ingkang dados pangajabipun ingkang kagungan kersa. Kadosdene
  1. Pisang Raja Ayu
  2. Kelapa ganding
  3. Tebu wulung
  4. Pari lan cantle
  5. ron-ronan ;  keluwih,ringin dan kroton lsp

Pasang “Tratak”
Jaman kawuri tratag dipun damel saking “kepang” nginggilipun katutup “bleketepe”. Bleketepe punika ; nam-naman ron klapa. Nanging samika  tratak umumipun dipun gantos  tenda.
Tratak pinggiripun paringi “janur kuning”. Dene masangipun paugeranipun kadamel mlengkung, werdinipun amayungi.  Dene tembung “janur” ngendikanipun mengku werdi saking ‘jan-nur’, tegeseipun  ‘jan’ saking tembung “jane”  dene  ‘nur’ cahya. Mila werdinipun Cahya ingkang nyata, utawi terang sanyata. Dene werdinipun masangan janur kuning dados lambang tetenger ing wanci punika ing mriku wonten manten.( Yen wis ana janur kuning  mlengkung sira aja wani ngganggu wanita iku)
Salajengipun punapa kemawon uba rampe kagem damel tarub
1. Damel  “kajang” utawi tratak, cagak saking deling ampel utawi wulung (pring), lan payon kadamel kepang , nginggil dipun sukani nam-naman “bleketepe”, pinggiring tratak dipun rengga janur kuning kapasang melengkung.
2. Tetuwuhan, kapasang ing ngajeng / regol ‘pintu masuk’. Tetuwuhan punika saking pisang raja, cengkir gading, tebu  wulung, pari lan cantel, ron  kluwih, ron kruton lan ron ringin. Miturut gotheking ngakathah sedaya wau kapilih mengku pralampita, satunggaling pangajab saking kang kagungan damel
3. Werdinipun Pisang raja” kapilih kang sepuh, wonten kalih tundhun” . kang werdinipun  lambang pangajab ing tembe para putra kagungan watak/sipat kados raja ingkang berbudi bawa laksana, lan tansah dipun pitados tiyang kathah, sarta tansah mranani, kejawi saking punika mugi gesangipun lare kados dene pisang “rila pejah yen sampun wonten wohipun”
4.  “Pari wulu”  kalih unting’ utawi cantel (salah satunggal) lambang sang pinanganten kathah rejeki, boten kekirangan.
5. Klapa ganding ‘2 janjang’. Lambang ing tembe pinangantin saged gesang  ing pundi papan, sarta saged migunani gesangipun mligi brayatipun sumrambah tiyang sanes
6. Tebu wulung’ 2 batang, kapasang kiwa tengen regol wau pinangka tolak balak, nanging ugi dados lambing mantepaning manah anggenipun kagungan kersa. Kejawi saking punika pangajabipun pengantin ing tembe gesang ipun sampun namung pados manisipun kemawon, kadosdene pepatah “habis manis sepah dibuang”
7.  Ron keluwih’, dados lambang supados ing tembe wingking gesangipun saged tansah ‘linuwih’ , sarta gesangipun saged kacukupan ; bab raja brana sarta  derajat dsb
8.  Ron ringin, mengku werdi gesangipun sageda dados payunging kulawarga, sumrambah  dateng masyarakat sakiwa tengenipun. ( nuwun sewu boten malah damel kapitunan )
9. Ron kroton / puring, kejawi dados tolak bala mligi roh alus ingkang badhe ngganggu kawilujenganpin sarta badhe njugaraken sesambetanipun bebrayan
Mila tarub satunggaling pratanda pasang tolak balak sambet anggenipun  kulawarga badhe kagungan kersa mantu. Dene janur kuning kang mlengkung dados lambang bilih lare putri putranipun bapak ( N ) sampun wonten ingkang mengku. Mila pasangipun kedah melengkung mengku werdi ngrengkuh.
Makaten sawantawis bab tatacara adat Jawi pasang tarub





BAB UPACARA PANGGIH PENGANTEN
GAGRAH NGAYOGYAKARTA
Pepanggihan wanci punika badhe kula aturaken mligi:
  1. NDUDHAH WIGATOSING UPACARA PANGGIH
  1. LAMPAHING ADICARA PANGGIH
Ngemuti bilih kabudayan Jawi estu luhur, liripun mengku sasmita, kebag ing pralampita, awit kebag ing pitutur utawi piwucal luhur kang sinandi. Ingkang tlonjongipun amargi kawios saking pangandikan utawi pangajab ingkang kagungan karsa, boten sanes murih sageda  sami manggih kabegjan, gesang kang utami
Dene Adat upacara panggih penganten punika pancen boten sami antawisipun daerah satunggal lan satunggalipun, kados dene gagrak Ngayogja kaliyan gagrak Solo, sarta daerah sanesipun, semanten ugi uba-rampenipun, sarta lampahing adicara. Pemanggih kula, sedaya wau ingkang dados sumber boten sanes saking kraton, utawi ingkang kagungan panguwaos wedal semanten. Mila gagrak Yogja ugi saking Kasultanan Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat, semanten ugi gagrak Solo saking kasunanan Kraton Surakarta Hadiningrat.
Nanging ingkang badhe kula aturaken, mligi upacara panggih gagrak Ngayogya, ingkang sampun sumebar sarta mekar sak jawining kraton. Kepara sampun dados paugeran saking para empu ingkang sami pinitados
Dene upacara Manten kula pilah dados kalih perangan inggih punika:
  1. A. Upacara sangajenging tarub
  2. Purwakaning upacara: Manten kakung lan pangombyong yen dumugi ngajeng Tarub kendel, lumarape Sanggan ingkang dipun aturaken Rama-Ibu Manten Putri, kang werdinipun; atur wuninga bilih Manten kakung sampun rawuh, mila nyuwun palilah enggal kersa manggihaken  putranipun putri. Yen sanggan sampun katampi, tumuli penganten putri kaboyong medal, dipun purwakani medalipun kembar mayang. Dene padatan kembar mayang kasenggolaken penganten kakung nembe kembar mayang dipun bucal, werdinipun mbucal sesukeripun saha paring pambiwara, yen wanci punika wonten manten .
  3. Balang-balang suruh / sadak: ( manten putri  3, kakung 4 ) yen sampun sami aben ajeng ( 2-3 m) lajeng sami balang-balangan. Werdinipun mengku pralambang anggenipun sami kapang (kesusu weruh)
  4. Wijikan, Manten putri mijiki maten kakung wonten ranupada, kanthi ngguyur toya sritaman 3 X.  Werdinipun dados tanda anggenipun nucekaken  Kakungipun, awit badhe mlebet / ngadani upacara ingkang langkung wigati utawi suci, ugi saged dipun wastani tanda tresnanipun ingkang putri.
  5. Mecah tigan ayam: Salajengipun manten jumeneng aben ajeng, tumuli Nyi Sembaga mundut tigan kathuthukan larapan maten kekalih, tumuli tigan kapecah / kabanting. Werdinipun dados tandha anggenipun pecah pikiranipun badhe manunggal, lan sageda saged numusi wiji dadi. Salajengipun penganten kekalih kaboyong mlebet
B. Upacara ing nglebet dalem
Manten dipun dherekaen mlebet dening Ibu pengaring, lan pangombyong  Dene Urutaning lampah upacara :
1)     Tampa kaya; Manten Kakung maringi guna kaya manten putri, Werdinipun kakung maringi guna kaya kang kasuntak kanthi tuntas kagem sisihanipun kang dipun tresnani, mila lajeng dipun bundheli, nanging tumusing manah tasih dereng pitados, mila lajeng katitipaken Ibunipun.
2)     Dhahar klimah: Kakungipun mundut sekul kakepel 3X, kaparingaken ing lancaran kang kaasta manten putri, lajeng kadhahar sisihanipun piyambak, kang kakung namung mirsani kanthi mesem… bingah. Lajeng sami wijik, lan ngujuk sesarengan.
3)     Sungkeman, yen besan badhe rawuh, prayogi dipun papak, yen sampun lenggah nembe sungkeman. Sepisanan sungkem tiyang sepuhipun putri, lajeng sungkem tiyang sepuhipun kakung ( besan)
Adicara punika mligi yen mantenipun prawan kaliyan joko. Awit yen randha asal joko, lan sewalikipun, sarta tasih wonten sambet sederek, pranataning adicara boten sami. Kejawi punika yen putra manten putri mbajeng, asring dipun adani langkung rumiyin ngunjuk rujak degan, werdinipun pinangka pambuka tumuruning wahyu penganten ing kulawarga. (ingkang mbikak margi / bukak dasar )
Makaten sawentawis adat upacara Panggih Manten gagrah Ngayogjakarta. Ingkang sampun dados paugeran
Atur Cecala bab Uba rampe upacara panggih, Ing Ngajeng Tarub:
  1. Sanggan (pisang raja setangket, ganten, sekar setaman, lan lawe wenang
  2. Gantal. suruh kalinting isinipun; gambir lan apu katangsuli  tali lawe
  3. Ranupada ( lemek kagem mijiki suku ) lan siwur
  4. sekar setaman ( mlathi, kenanga lan mawar )
  5. tigan ayam kampung
Uba rampe upacara, Ing nglebet utawi ing pedaringan
  1. Kagem tampa kaya; inggih punika:
v     arta receh, cacah jangkep, saking kang alit dumugi ageng piyambak)
v     biji-bijian ( wiji = winih) ingkang saget tuwuh;dele, tholo, kacang ijo, beras,  jagung lan sanesipun.
v     empon-empon: dlingo bengle
v     sekar sritaman,
v     Kacu wadha kagem wadah guna kaya wau.
v     Kagem dhahar klimah: sekul kuning, kanthi lawuh ati ayam kapindang antep, saged dipun pepaki upami ngagem lalapan, lan sanesipun
v     Piring kagem dhahar, Wijikan lan serbet / kacu
v     Unjukan pethak / teh ( lan rujag degan yen perlu )
Gendhing ingkang dipun agem:
  1. Gendhing Bindri : kagem ngiringi rawuhipun maten Kakung
  2. “Ladrang Penganten Pl Barang= kagem upacara wiwit balang-balang dumugi kabotong mlebet dalem
  3. “Ladrang “Ganti Wibawa Pl Barang, utawi kidung Dhandhanggula penganten kagem upcara kacar-kucur lan sungkeman.

UPACARA PANGGIH PENGANTEN GAGRAH SOLO
Cekaking rembag: Nglajengan punapa sampun  iaturaken rikala Minggu kapengker,  upacara panggih gagrak Ngayogyakarta. badhe kula sambet kados pundi yen gagarak Solo, lan ing pundi bedanipun. Nuwun sewue ingkang kula aturaken punika, mligi tata ados adat kabudayan sakjawining kraton ingkang sampun dipun tangsuli dening paugeran-paugeran, kepara sampun kekahaken dados paugeran umum,
Upacara sangajenging tarub
Panataning pangombyong (pormasi barisan) Maten kakung
  1. Cucuk lampah (ingkang pinangka wakil keluwarga)
  2. Sanggan
  3. Kembar Mayang sepasang
  4. Maten kakung lan 2 ; pengaring Kakung
  5. Pangombyong (kulawarga, warga sanesipun. Tiyang sepuh boten tumut )
Panataning lampah (pormasi barisan) Maten Putri
  1. Cucuk lampah,
  2. Putri Domas ( Penari gambyong,yen perlu ngagem )
  3. Kembar Mayang sepasang
  4. Maten putri lan 2; pengaring Putri
  5. Tiyang Sepuh.
  6. Mligi warga nunggal bapa biyung ( boten perlu  perlu pengombyong)
Tata rakiting upacara
  1. Manten kakung rawuh dipun purwakani gending Kebo Giro ( monggang)
  2. Rombongan dumugi ngajeng Tarub, kang ngasta sanggan lajeng mlebet ( kados Yogja). tumuli Rombongan Manten putri medal .
  3. Litunan Kembar Mayang, kembar mayang saking kakung kacaosan keluarga, samangke kapajang sakiwa tengening dampar rinengga / pedaringan. Dene kembar mayang saking putri kabucal wonten jawi ( prapatan)
  4. Balang-balang sadak ( namung kaping sepisan)
  5. Manten Kakung ngidak tigan ing ranu pada
  6. Manten putri mijiki sukunipun.
  7. Manten kaboyong mlebet ngadani adicara kacar-kucur. Nalika mlebet maten kekalih dipun kemuli sindur, Ibunipun. Werdinipun tiyang sepuh  nggendhong kekalih putranipun, Mila cakcakanipun Ramanipun wonten ngajeng maten, dene maten kekalih sami nyepengi bangkejan ramanipun, Ibunipun wonten wingking maten kaliyan nyepengi sindur ingkang dipun kemulaken, lanjeng mlebet, dipun rumiyine embar mayang saking kakung wau. Ingkang dipun pandegani cucuk lampah.
  8. B. Adicara kacar-kucur:
1)     Upacara timbangan, tumindakipun: Ramane Lenggah, lanjeng maten sami dipun pangku pupu  kiwa tengen  ramanipun. Tumuli Ibune nyuwun pirsa:”Abot endi Pak?” Ramanipun paring wangsulan: “Padha wae “
2)     Upacara Tandur:: bibar mangku Ramanipun lajeng jumeneng, tumuli manten kekalik pundhakipundipun cepengi asta kiwa tengen lajeng kalenggahaken (katuncepaken) mimba tiyang tandur
3)     Upacara Tampa Kaya, sami Yogya
4)     Dahar Klimah, tumindakipun manten kakung mundut sekul kakepel kaping tiga, dipun paringaken piring ingkang dipun asta manten putri, lajeng sami dipuin dhahar sesarengan (Kembul dhahar) lajeng wijik, lan ngujuk sarengan.
5)     Yen manten putri bajeng, lajeng diun adani ngunjuk rujag degan, tumidakipun: Ibu maten mundut rujag degan, kacaosaken garwanipun, yen sampun diujuk, sisihanipun nyuwun pirsa: ” Piye pak rasane?
6)     Garwanipun mangsuli:”wah seger sumyah, lajeng rujak dipun suwun Ibunipun, lajeng kaunjuk, kanthi manthuk-manthuk, lajeng dipun paringaken putra manten kekalih, supados ugi ngicipi unjuk.
7)     Sungkeman, dipun purwakani metuk besan, yen sampun lenggah, lajeng dipun purwakani sungkeman, caranipun kados Yogya.

https://suwardanijaya.wordpress.com/tata-adat-busana-jawa-3/

PITUDUH LAN WEWALER

PITUDUH (Bimbingan)
"Pangeran nitahake sira iku lantaran biyungira, mula kudu ngurmati biyungira" bahwa kita (manusia) itu diciptakan melalui seorang Ibu, oleh karena itu kita harus menghormati Ibu
"Sakbegja-begjane kang lali, luwih begja kang eling klawan waspada" bahwa se untung-untungnya orang yang lupa, masih lebih untung orang yang selalu ingat dan waspada
"Sing sapa ora gelem gawe becik marang liyan, aja sira ngarep-arep yen bakal oleh pitulungan ing liyan" bahwa barangsiapa yang enggan berbuat baik, jangan berharap akan mendapat pertolongan dalam perkara yang lain
"Rumangsa melu handarbeni. Wajib melu hanggondheli. Mulat sarira hangrasa wani" merasa ikut memiliki, wajib ikut mempertahankan (bertanggung jawab), dan berani memawas diri *pituduh iki didadekne semboyan Pangeran Mangkunegara III
"Enoma, bagusa, isih darah lan warasa kae yen kapinteran ora duwe, kucem raine, tanpa cahya, ora beda karo kembang randhu alas kang abang branang ora wangi ora barang"
kanggo pituduh liyane, monggo mampir teng mriki
  http://taufanhidayat.wordpress.com/kejawen/

 



 
WEWALER (Larangan)
Aja sira deksura, ngaku luwih pinter tinimbang sejene Aja seneng yen den alem, aja sengit yen den cacat Aja gawe seriking atining liyan Aja ngece wong ora duwe Aja pisan nacat ing liyan, ora ana wong kang ora cacat Aja lali piwulang kang becik
Kapethik saka :
Buku BUTIR-BUTIR BUDAYA JAWA

http://nomergangsal.blogspot.co.id/2014/02/pituduh-lan-wewaler.html

SEJARAH ABIMANYU

             

ABIMANYU
            Abimanyu menika salah satunggaling paraga wayang wonten cariyos Mahabharata. Piyambakipun menika putrananipun Arjuna kaliyan salah satunggaling garwanipun Dewi Wara Sembadra. Papan dununganipun wonten ing kasatriyan Tanjunganom iya Plangkawati.
a.      Nami
Tembung Abimanyu kadadosan saking kalih wanda Sansekerta,  inggih menika Abhi, ingkang artosipun kendel lan manyu, ingkang artosipun watak. Dasose, artosipun Abimanyu menika tiyang ingkang gadahi watak kendel. Dasanaminipun Abimanyu inggih menika :


  • Angkawijaya
  • Partasuta
  • Sumbadraja
  • Aribawa
  • Jayamurcita
  • Arjunatanaya
  • Kiritiatmaja
  • Jaka Pengalasan
  • Wanudara
  • Pamulatsih
  • Banjaransari
  • Bimamanyu


b.               Sederekipun
Abimanyu gadhah 13 sederek saking sanes-sanes ibu, inggih menika Sumitra, Bratalaras, Bambang Irawan, Kumaladewa, Kumalasakti, Wisanggeni, Wilungganggga, Ending Pregiwa, Ending Pregiwati, Prabakusuma, Wijanarka, Antadewa, lan Bambang Sumbada.
c.                Gambaranipun Abimanyu
Ing padhalangan, Abimanyu menika digambaraken kadadine satriya  kang bagus citrane, alus budine, tanggung jawab, nanging kala-kala getapan (gampang nesu) lan gampang mara tangan. Kaya ingkang rama, Abimanyu kondhang kadidene satriya utama sing kuat tapabratane, mula Abimanyu klakon kasinungan wahyu-wahyu kanarendran, kayata wiwit wonten kandutan piyambakipun sampun pikantuk Wahyu Hidayat ingkang mumpuni mangertosi sedaya bab perkawis. Ugi Wahyu Cakraningrat, salah satunggaling wahyu ingkang saged nurunaken raja-raja ageng, piyambakipun ugi pikantuk Wahyu Antatwulan, lan sapiturute. Miturut wecaning dewa sinten ingkang pikantuk wahyu-wahyu  menika bakal bisa dadi narendra gung binatara. Nanging Abimanyu mboten ngantos klakon madeg ratu, jalaran piyambakipun gugur wonten paperangan Barathayudha ing Tegal Kurusetra kanthi dikrocok gegaman lan dikroyok dening para Kurawa.

d.               Abimanyu nalika tasih alit

Nalika tasih alit, Abimanyu nelasaken wekdalipun wonten Dwaraka, kitha lenggahipun Ibunipun. Lan wekdal tasih alit, Abimanyu klakon nyirnakake nata ing Plangkawati, Prabu Angkawijaya lan patihe aran Jayamurcita, kang nduwe kekarepan arep nggarwa Dewi Wara Sumbadra, ibunipun, ingkang sampun diwengku garwa dening Arjuna lan peputra Abimanyu. Prabu Angkawijaya lan Jayamurcita tiwas saka tangane Abimanyu. Sukmane manjing ana ragane Abimanyu, lan negarane uga banjur dadi kasatriyane Abimanyu.
e.               Garwanipun Abimanyu
Garwanipun Abimanyu menika 2, inggih menika :
1.      Dewi Siti Sundari, putrinipun Prabu Kresna, Raja ing Negari Dwarawati kaliyan garwanipun Dewi Pratiwi.
2.      Dewi Utari, putrinipun Prabu Matsyapati kaliyan garwanipun Dewi Ni Yutisnawati, saking negari Wirata. Saking Dewi Utari, Abimanyu ghadah detunggal putra inggih menika Parikesit.

f.        Gugure Abimanyu

Ing Perang Baratayuda, Abimanyu bisa klakon mbedhah gelar perang Cakrabhyuha, sing dipandhegani Pandhita Durna nadyan akhire gugur kanthi tatu arang kranjang amarga diranjap gegaman marang Kurawa. Mula lakon Abimanyu gugur uga asring karan "Ranjapan Abimanyu Gugur" kang pancen ngeres-eresi.

g.      Abimanyu lan Lesmana mati sampyuh

Ing peperangan Barathayudha, Abimanyu ingkang belani Pandhawa menika sampun tatu arang kranjang lan katon tanpa daya, nanging tesih tetep maju. Lesmana Mandrakumara iya Raden Sarojakusuma (putrane Prabu Duryudana, nata Ngastina) kang kepingin mrejaya Abimanyu, banjur maju nyaketi karo nggawa keris ligan. Keris iku arep kanggo nyuduk Abimanyu, nanging kurang prayitna. Abimanyu tetela isih nggegem keris Kyai Pulanggeni. Lesmana namake kerise marang Abimanyu kang njalari tumekeng pati. Nanging sadurunge sukmane oncat saka ragane, Abimanyu uga kasil nyuduk Lesmana Mandrakumara nganggo Pulanggeni nganti Lesmana tumekaning pati. Kekarone mati sampyuh. Weruh Lesmana Mandrakumara mati, Jayadrata (bapa pamane Lesmana) ngepruk sirahe Abimanyu kang wis tanpa daya nganggo gada Kyai Glinggang saengga musthakane ajur mumur. Abimanyu gugur ing madyaning rananggana. Para Kurawa surak ambata rubuh. Goteking wong akeh sing mateni Abimanyu iku Jayadrata iya Tirtanata. Abimanyu gugur wekdal yuswa 16 taun.
Miturut crita, Abimanyu menika bayanganipun putranipun Dewa Bulan. Nalika sang Dewa dipunpundhuti pirsa dening Dewa sanesipun ngengingi tindakipun putranipun wonten Bumi, Dewa Bulan nimbali menawi piyambakipun damel perjanjian menawi putranipun manggen wonten bumi namung laminipun 16 taun. Mula Abimanyu wekdal yuswa 16, piyambakipun kepejahan wonten ing peperangan.

h.     Sawise Abimanyu gugur

Udan tangis para pepundhen Pandhawa. Arjuna, ramanipun Abimanyu sumpah, yen dina iku uga ora bisa mateni Jayadrata, dheweke luwung lampus dhiri. Dening para Kurawa Jayadrata diumpetake ing gedhong waja. Dijaga rapet, pamrihe supaya aja nganti bisa dipateni dening Arjuna lan Arjuna dhewe supaya klakon "tata glondhong" lampus dhiri kanthi cara pati obong. Nanging bab iku diwuningani Prabu Kresna (botohe Pandhawa). Jayadrata dipancing murih ngungak kahanan njaba liwat jendhela. Ya nalika Jayadrata anguk-anguk liwat jendhela kuwi, Arjuna nglepasake jemparinge Kyai Sarotama. Ngenani janggane jayadrata saengga tugel thel lan sirna margalayu.
 
http://dhea-adzana.blogspot.co.id/2012/01/abimanyu.html

SULUK WUJIL SUNAN BONANG

1
Dan warnanen sira ta Pun Wujil
Matur sira ing sang Adinira
Ratu Wahdat
Ratu Wahdat Panenggrane
Samungkem ameng Lebu?
Talapakan sang Mahamuni
Sang Adhekeh in Benang,
mangke atur Bendu
Sawetnya nedo jinarwan
Saprapating kahing agama kang sinelit
Teka ing rahsya purba

2
Sadasa warsa sira pun Wujil
Angastupada sang Adinira
Tan antuk warandikane
Ri kawijilanipun
Sira wujil ing Maospait
Ameng amenganira
Nateng Majalanggu
Telas sandining aksara
Pun Wujil matur marang Sang Adi Gusti
Anuhun pangatpada

3
Pun Wujil byakteng kang anuhun Sih
Ing talapakan sang Jati Wenang
Pejah gesang katur mangke
Sampun manuh pamuruh
Sastra Arab paduka warti
Wekasane angladrang
Anggeng among kayun
Sabran dina raraketan
Malah bosen kawula kang aludrugi
Ginawe alan-alan

4
Ya pangeran ing sang Adigusti
Jarwaning aksara tunggal
Pengiwa lan panengene
Nora na bedanipun
Dening maksih atata gendhing
Maksih ucap-ucapan
Karone puniku
Datan polih anggeng mendra-mendra
Atilar tresna saka ring Majapait
Nora antuk usada

5
Ya marma lunganging kis ing wengi
Angulati sarasyaning tunggal
Sampurnaning lampah kabeh
Sing pandhita sundhuning
Angulati sarining urip
Wekasing jati wenang
Wekasing lor kidul
Suruping radya wulan
Reming netra lalawa suruping pati
Wekasing ana ora
 
6
Sang Ratu Wahdat mesem ing lathi
Heh ra Wujil kapo kamangkara
Tan samanya pangucape
Lewih anuhun bendu
Atunira taha managih
Dening geng ing sakarya
Kang sampun alebu
Tan padhitane dunya
Yen adol warta tuku warta ning tulis
Angur aja wahdat

7
Kang adol warta tuhu warti
Kumisum kaya-kaya weruha
Mangke ki andhe-andhene
Awarna kadi kuntul
Ana tapa sajroning warih
Meneng tan kena obah
Tinggalipun terus
Ambek sadu anon mangsa
Lirhantelu outihe putih ing jawi
Ing jro kaworan rakta

8
Suruping arka aganti wengi
Pun Wujil anuntu maken wraksa
Badhi yang aneng dagane
Patapane sang Wiku
Ujung tepining wahudadi
Aran dhekeh ing Benang
Saha-saha sunya samun
Anggaryang tan ana pala boga
Ang ing ryaking sagara nempuki
Parang rong asiluman

9
Sang Ratu Wahdat lingira aris
Heh ra Wujil marangke den enggal
Tur den shekel kukuncire
Sarwi den elus-elus
Tiniban sih ing sabda wadi
Ra Wujil rungokna
Sasmita katenggun
Lamun sira kalebua
Ing naraka isung dhewek angleboni
Aja kang kaya sira
… 

11
Pangestisun ing sira ra Wujil
Den yatna uripira neng dunya
Ywa sumambar angeng gawe
Kawruhana den estu
Sariranta pon tutujati
Kang jati dudu sira
Sing sapa puniku
Weruh rekeh ing sariri
Mangka saksat wruh sira
Maring Hyang Widi
Iku marga utama

 

Artinya, lebih kurang:

1
Inilah ceritera si Wujil
Berkata pada guru yang diabdinya
Ratu Wahdat
Ratu Wahdat nama gurunya
Bersujud ia ditelapak kaki Syekh Agung
Yang tinggal di desa Bonang
Ia minta maaf
Ingin tahu hakikat
Dan seluk beluk ajaran agama
Sampai rahasia terdalam

2
Sepuluh tahun lamanya Sudah
Wujil Berguru kepada Sang Wali
Namun belum mendapat ajaran utama
Ia berasal dari Majapahit
Bekerja sebagai abdi raja
Sastra Arab telah ia pelajari
Ia menyembah di depan gurunya
Kemudian berkata
Seraya menghormat
Minta maaf

3
“Dengan tulus saya mohon
Di telapak kaki tuan Guru
Mati hidup hamba serahkan
Sastra Arab telah tuan ajarkan
Dan saya telah menguasainya
Namun tetap saja saya bingung
Mengembara kesana-kemari
Tak berketentuan.
Dulu hamba berlakon sebagai pelawak
Bosan sudah saya
Menjadi bahan tertawaan orang

4
Ya Syekh al-Mukaram!
Uraian kesatuan huruf
Dulu dan sekarang
Yang saya pelajari tidak berbeda
Tidak beranjak dari tatanan lahir
Tetap saja tentang bentuk luarnya
Saya meninggalkan Majapahit
Meninggalkan semua yang dicintai
Namun tak menemukan sesuatu apa
Sebagai penawar

5
Diam-diam saya pergi malam-malam
Mencari rahasia Yang Satu dan jalan sempurna
Semua pendeta dan ulama hamba temui
Agar terjumpa hakikat hidup
Akhir kuasa sejati
Ujung utara selatan
Tempat matahari dan bulan terbenam
Akhir mata tertutup dan hakikat maut
Akhir ada dan tiada
 
6
Ratu Wahdat tersenyum lembut
“Hai Wujil sungguh lancang kau
Tuturmu tak lazim
Berani menagih imbalan tinggi
Demi pengabdianmu padaku
Tak patut aku disebut Sang Arif
Andai hanya uang yang diharapkan
Dari jerih payah mengajarkan ilmu
Jika itu yang kulakukan
Tak perlu aku menjalankan tirakat

7
Siapa mengharap imbalan uang
Demi ilmu yang ditulisnya
Ia hanya memuaskan diri sendiri
Dan berpura-pura tahu segala hal
Seperti bangau di sungai
Diam, bermenung tanpa gerak.
Pandangnya tajam, pura-pura suci
Di hadapan mangsanya ikan-ikan
Ibarat telur, dari luar kelihatan putih
Namun isinya berwarna kuning

8
Matahari terbenam, malam tiba
Wujil menumpuk potongan kayu
Membuat perapian, memanaskan
Tempat pesujudan Sang Zahid
Di tepi pantai sunyi di Bonang
Desa itu gersang
Bahan makanan tak banyak
Hanya gelombang laut
Memukul batu karang
Dan menakutkan

9
Sang Arif berkata lembut
“Hai Wujil, kemarilah!”
Dipegangnya kucir rambut Wujil
Seraya dielus-elus
Tanda kasihsayangnya
“Wujil, dengar sekarang
Jika kau harus masuk neraka
Karena kata-kataku
Aku yang akan menggantikan tempatmu”

11
“Ingatlah Wujil, waspadalah!
Hidup di dunia ini
Jangan ceroboh dan gegabah
Sadarilah dirimu
Bukan yang Haqq
Dan Yang Haqq bukan dirimu
Orang yang mengenal dirinya
Akan mengenal Tuhan
Asal usul semua kejadian
Inilah jalan makrifat sejati”
 
 
http://arsipbudayanusantara.blogspot.co.id/2013/06/suluk-wujil-karya-penting-sunan-bonang.html
 
 
 

CERITA RAMAYANA


Bahasa Jawa: Cerita wayang Ramayana : Sintha Kandhusta

Pegat, apisah, Rama lan Shinta, kidang kencana tanggap ing sasmita, hangendering cancut mlajeng lumebeng wana, saya hanengah, saya tebih, denira apepisahan kalawan garwa mayangsari.
Ngancik telenging wana, peteng ndhedhet lelimengan, ical lacaking kidang, sapandurat kumlebet katingal kidang kencana haleledhang, Rama sigra hangembat gendhewa, menthang langkap, wastra lumepas, hangener dening kidang, tumancep warayang mring hangganing kidang sangsam kencana, gumlundhung pejah kasulayah, eloking kahanan, sareng gumalundhunging kidang kapiyarsa swara dumeling, Marica hangemba-emba suwaranipun Rama, jelih-jelih asesambat mring arinta Laksmana.
Sinta lan Laksmana ingkang hanganti dhatenging ingkang raka Rama dinandak hamiyarsa suwara nyaring asesambat tiwasing dhiri. Kusumaning ayu Sinta sajroning wardaya, hanyipta lamun swara ingkang kapiyarsa punika, tuhu swaranipun raka Rama, mila tarataban manahira, sigra dhawuh mring ari Laksmana, supaya enggal lumawat mring Rama, aweh pitulungan, Laksmana ingkang wicaksana tansah sung pemut, bilih swara punika sanes suwarnipun Rama.

Saiki, Rama sadar menawa dheweke wis ketipu. Dheweke gage-gage bali ing panggon Sinta ngenteni. Ing dalan dheweke papasan karo Laksmana, banjur dheweke bali bebarengan.   Endah kagete Rama lan Laksmana menawa Sinta wis kasil dicolong Prabu Dasamuka.
Manuk Jatayu mbudidaya ngalang-ngalangi malah tekaning pati kaperjaya dening gegamane Rahwana, lan Sinta bisa digawa menyang Ngalengka. Sadurunge mati Jatayu isih bisa ngabari Rama lan Laksmana tumrap kaanane Sinta. Amarga gugur njalanake darmane, Rama lan Laksmana nyuwun marang Sang Kuasa supaya gugure Jatayu  bisa sempurna.  Awit saka panyuwune Rama lan Laksmana, Jatayu bisa gugur secara moksa. Awake melu ilang lunga ing Suarga.

Ing perjalanan menyang Ngalengka, Rama lan Laksmana ketemu karo Anoman kethek putih putrane Bathara Guru. Anoman didhawuhi ngabdi karo Rama.
Nalika, ing tengahing alas, padha mireng suara tangis. Sawise diceraki, swara iku saka kethek ingkang kejepit ing silangan wit gedhe Rama banjur nulungi kethek iku saka jepitan. Kethek iku ngaku menawa dheweke iku Raja ing Guwakiskendha, sing jenenge Sugriwa. Kakange sing jenenge Subali mbrontak karo Guwakiskendha, banjur dheweke di siksa lan dijepit ing silangan wit. Lajeng kanggo ngrebutke Guwakiskendha,  Sugriwa padu karo Subali, Rama nglepaske wastra pusaka Gumawijaya. Dening Resi Subali nduweni Aji Pancasona, dheweke tetep kalah. Kanthi dibantu Rama, Sugriwa bisa dadi  Raja maneh ing Guwakiskendha.

Kanggo bales budi, Sugriwa ngerahke wadyabalane kanggo mbantu Rama ngrebut Sinta saka Prabu Dasamuka. Anoman didhawuhi Rama supaya nggoleki Sinta menehake ali-aline Rama lan mangerteni kekuatanne Kerajaan Ngalengka. Nalika arep bali Anoman dicekel wadya bala Ngalengka. Anoman arep diobong nanging banjur mabur nggawa geni kanggo  ngobong kraton Ngalengka, kajaba taman Argasoka, panggon Sinta didhelikake.

Akhire, kedadean perang gedhe  Pancawati mungsuh karo Nglengka.
Wadya balane Ngalengka  wujud buta-buta lan wadya balane Rama dibiyantu kethek-kethek balane Sugriwa, Senapati  Nglengka akeh sing tiwas. Pancawati menang. Sawise perang Rama lan   Shinta bali menyang Ayodya, Nanging Sinta susah ora enggal ketampa dening Rama, amarga dianggep wis ora perawan maneh. Sinta reresik awak saka geni lan banjur ditampa. Pratelane Rama, sesucen iku kudu ditindakake kanggo ngilangi pandakwa ala tumrap garwane.

Sertakan Sumber Artikel : http://gudangnews.info/#ixzz3ugFwNwgA

TEMBANG-TEMBANG DOLANAN


PITIK TUKUNG

Aku duwe pitik pitik tukung
Saben dina tak pakani jagung
Petok gogok petok petok
Petok gogok petok petok
Ngendok pitu tak kremake netes telu
Kabeh trondol ndol_tanpo wulu
Kabeh trondol ndol_gawe guyu


PELEM-PELEM MENTAH

Pelem-pelem mentah
Entek entek no entek entek no
Sisane sang gatut koco
Gatutkoco edan gatotkoco edan
Omahe plek emplekan
Kidul kidul kono kidul kidul kono
Ono lintang galo galo
Dak sumpingi opo dak sumpingi opo
Dak sumpingi godhong telo
Ela elo eno


PAMAN TUKANG KAYU


Paman tukang kayu
Pripun solahdhiko graji kayu
Srok drung drung srok pung
Srok drung drung srok gung
Paman tukang kayu
Pripun solahdhiko natah kayu
Tek dung dung tek pung
Tek dung dung tek gung
Paman tukang kayu
Pripun solahdhiko masah kayu
Srek dung dung srek pung
Srek dung dung srek gung
Paman tukang kayu
Pripun solahdhiko maku kayu
Tok dung dung tok pung
Tok dung dung tok gung

Paman tukang kayu
Pripun solandhiko ngethok kayu
Tok dung dung tok pung
Tok dung dung tok gung
Paman tukang kayu
Pripun solahdhiko nggorok kayu
Srek drung drung srek pung
Srek drung drung srek gung
Srek drung drung srek pung
Srek drung drung srek gung

PADHANG REMBULAN


Ayo ayo do dolanan ing plataran
Padang rembulan padange koyo rino
Padang gumilang sing dolan ora ono
Bocah dolan bocah dolan do reneo
Ayo poro konco ayo podo suko-suko
Dolanan jogetan tetembangan ing plataran


KUPU KUWI

Kupu kuwi tak incupe
Munglakumu ngewohake
Ngalor ngidul ngetan bali ngulon
Mrono mrene mung sak paran-paran
Sopo biso ngincupake
Mentas menclok clegrok
Banjur mabur bleber

KROTO-KROTO

Kroto-kroto pentile mlinjo
Mlinjo dadi omah gedong pinggir kali
Parenda parendi parenda parendi
Abang koyo dubang putih koyo utih
Manuk glatik kelire alus dadane
Sentak sentik ambegane
Sentak sentik ambegane

KIDANG TALUN

Kidang talun mangan kacang talun
Mil ketemil mil ketemil
Si kidang mangan lembayung
Tikus siji duwe anak siji
Cicit cuwit cicit cuwit
Si tikus mangani pari
Gajah belang seko tanah sebrang
Si gajah kecemplung blumbang
 
KEMBANG JAGUNG

Kembang jagung omah kampung pinggir lurung
Jejer telu sing tengah bakal omah ku
…… munggah guwo mudun ……
Metik kembang soko dicaoske kanjeng romo
Maju kowe tatu mundur kowe ajur
Jokno sak balamu ora wedi sundukanmu
Iki lho dodo satriyo
Iki lho dodo janoko

JAGO KATE

Jago kate tetete kukuruyuk_kok
……..
Dibalang watu uncag-uncug_keok
Keno telihe doh layune_jrantal
Mari umuk mari ngece
Si kate katone nyekungkung

Butho-butho galak 

Buto-buto galak solahe lonjak-lonjak
Ngadek sigrak-sigrak
Nyandak punco nuli tanjak
Bali ngadek maneh rupane ting celoneh
Kuwi buron opo tak sengguh buron kang aneh
Lawong kowe sing marah-marahi
Lawong kowe we we  we sing marah-marahi
Rupamu kok ngono hi… hi… aku wedi
Ayo konco podo bali
Galo kae galo kae
Rupane terak-terok rok … rok … rok… rok …
Matane plerak-plerok rok … rok … rok… rok …
Yo kulite ambengkerok


Esuk esuk

Esuk-esuk srengengene lagi metu_ sibu
Nyuwun pengestu kang putra bade sinau_sibu
**        Esuk-esuk srengengene lagi metu_ sibu
Nyuwun pengestu kang putra bade sinau_sibu
Awan-awan srengengene eneng tengah_simbah
Bungah-bungah kang wayah mulih sekolah_simbah
**        Awan-awan srengengene eneng tengah_simbah
Bungah-bungah kang wayah mulih sekolah_simbah
Sore –sore sianu ono ing sabak_bapak
Biblak sodo wis gemletak njroneng kotak_bapak
**        Sore –sore sianu ono ing sabak_bapak
Biblak sodo wis gemletak njroneng kotak_bapak


 https://lirikkuw.wordpress.com/2009/12/27/tembang-tembang-dolanan/

Rabu, 09 Desember 2015

AKSARA SWARA

Kaserat dening Bapak Pavkar Dukunov ingkang damel font CARAKAN ANYAR
Punika Cathetan Ngengingi Aksara Swara

1- Werdining Aksara Swara
Ingkang kasebat aksara swara ing sastra jawi utawi sastra carakan, inggih punika aksara ingkang nglambangaken ungeling swanten murni ingkang tanpa angandhut wyanjana, utawi nirwyanjana, ingkang ateges swanten ingkang sepi lan suwung saking ananing wyanjana cacah kalih dasa, ugi suwung saking wyanjana panglemes (ha-wa-ya sinengker).

2- Warnaning Aksara Swara
Aksara swara ing sastra carakan wonten 5 warni, inggih punika:
1. ꧕ꦛ = A (a-swara)
2. ꦑ꧆ = I (i-swara)
3. ꦓ꧗ = U (u-swara)
4. ꧖ = E (e-swara)
5. ꦈ꧗ = O (o-swara)

3- Ungeling Aksara Swara
Wonten rare cacah gangsal ingkang kaparingan nami A, I, U, E, O. Lajeng tiyang-tiyang sami angarani rare-rare kalawahu kanthi sebatan:
“si-A, si-I, si-U, si-E, si-O” (kaucapaken kanthi logat basa Indonesia). Lah ungel “A, I, U, E, O” kados ing pangucaping logat basa Indonesia nalika nyebat “si-A, si-I, si-U, si-E, si-O”makaten punika kalawahu ungeling aksara swara ingkang leres. Ing sastra latin kalambangaken kanthi aksara “a, i, u, e, o” ingkang kaungelaken kawedal saking tenggorokan kanthi tanpa prana/tanpa angin. Dene ing sastra arab kalambangan kanthi aksara “hamzah”. Punika ungeling aksara swara.

4- Patraping Aksara Swara
Kados ingkang sampun katrangaken ing andharan werdining aksara swara ing inggil, aksara swara ing sastra carakan punika kangge nyerat sadaya ungeling basa ingkang sipat nirwyanjana. Dene patrapipun makaten:
a- Sadaya swanten a,i,u,e,o ingkang asli saking kekataning tembung basa jawi, punika sanes nirwyanjana, pramila boten kenging kaserat kanthi aksara swara.
Tuladha:

ꦀꦄꦸ (leres, tembung asli jawi)=>boten kaserat=> ꧕ꦛꦄꦸ (salah)

ꦀꦶꦼꦇꦸꦁꦿ (leres, tembung asli jawi)=> boten kaserat=> ꦑꦼ꧆ꦇꦸꦁꦿ (salah)

ꦀꦸꦅꦁꦿ (leres, tembung asli jawi)=> boten kaserat=> ꦓ꧗ꦅꦁꦿ (salah)

ꦺꦀꦅꦁꦿ (leres, tembung asli jawi)=> boten kaserat=> ꧖ꦅꦁꦿ (salah)

ꦺꦀꦻꦏꦾ (leres, asli jawi)=>boten kaserat => ꦈ꧗ꦏꦾ (salah)

b- Sadaya swanten a,i,u,e,o ingkang asal saking kekataning tembung manca ingkang ngandhut swantening wyanjana sinengker utawi swanten panglemes ha-wa-ya, punika sanes nirwyanjana, pramila boten kenging kaserat kanthi aksara swara.
Tuladha:
ꦏꦀꦸꦆꦿ (leres, panglemes ha)=>boten kaserat=> ꦏꦓ꧗ꦆꦿ (salah)

ꦄꦸꦈꦆꦿ (leres, panglemes wa)=>boten kaserat=> ꦄꦸ꧕ꦛꦆꦿ (salah)

ꦄꦸꦉꦶꦍꦾ (leres, panglemes ya)=>boten kaserat=> ꦄꦸꦉꦶ꧕ꦛꦾ (salah)

ꦀꦶꦁꦟꦶꦍ (leres, panglemes ha,ya)=>boten kaserat=> ꦑ꧆ꦁꦟꦶ꧕ꦛ (salah)

c- Sadaya swanten a,i,u,e,o ingkang asal saking kekataning tembung manca ingkang boten ngandhut swantening wyanjana sinengker utawi swanten panglemes ha-wa-ya, punika ateges nirwyanjana, pramila kedah kaserat kanthi aksara swara.
Tuladha:
꧕ꦛꦄꦉꦿ (leres, nirwyanjana)=>boten kaserat=> ꦀꦄꦉꦿ (salah)
ꦑ꧆ꦑꦝꦶꦫꦿ (leres, nirwyanjana)=>boten kaserat=>ꦀꦶꦑꦝꦶꦫꦿ (salah)

ꦑ꧆꧂ꦇ꧖ꦉꦿ (leres, nirwyanjana)=>boten kaserat=>ꦀꦶ꧂ꦇꦺꦀꦉꦿ (salah)

ꦓ꧗ꦇ꥜ꦹꦊꦿ (leres, nirwyanjana)=>boten kaserat=>ꦀꦸ ꦇ꥜ꦹꦊꦿ (salah)

ꦈ꧗ꦺꦆꦚꦻ (leres, nirwyanjana)=>boten kaserat=> ꦺꦀꦻꦺꦆꦚꦻ (salah)

꧕ꦛꦺꦏꦃꦶꦄ (leres, nirwyanjana)=>boten kaserat=>ꦀꦺꦏꦃꦶꦄ (salah)

ꦏꦄꦆꦷꦁꦿꦺꦑꦻꦄꦥꦶꦉꦶꦾꦺꦈꦻꦁꦚꦷꦁꦷꦝꦊꦆꦶꦼꦚꦀꦆꦸꦽ꧋

ꦄꦈꦸꦉꦎꦸꦈꦸ ꦁꦤꦼ꥔ꦓꦶꦼꦊꦓꦄꦛꦏꦶ꧌

== sigeg kang cinarita, ꧎ꦄꦷꦺꦁꦚꦄꦘꦁꦥꦀꦁꦿ ….꧌


 https://poswayang.wordpress.com/2011/08/06/aksara-swara/

ANGKA DALAM AKSARA JAWA

ANGKA JAWA
Angka jawa terdiri dari 0 – 9:
angka jawa1
Angka jawa dan aksara jawa ada yang sama. Untuk membedakan angka jawa dan aksara jawa dalam menulis kalimat dengan menggunakan pada pangkat:
  angka 3
Contoh untuk menulis kalimat:
padapangkat 

 https://trianjarpriyanta.wordpress.com/2012/01/31/angka-jawa/

SERAT WULANGREH PUPUH GAMBUH (MACAPAT)

          Serat Wulangreh misuwur wonten bebrayan tiyang Jawi.Serat wulangreh anggitanipun Sri Pakubuwono IV punika nggadhahi basa ingkang gampil dipuntampi. Gampil dipunpundhut piwulangipun. Serat Wulangreh punika nggadhahi 13 pupuh antawisipun dhandanggula, kinanthi, gambuh, pangkur, maskumambang, dudukwuluh, durma, wirongrang, pocung, mijil, asmaradana, sinom, lan girisa.
           Ingkang badhe kula rembang inggih punika pupuh gambuh. Pupuh gambuh wonten serat wulangreh kababar dados 17 tembang. Piwulang ingkang saged dipunpundhut babagan tiyang kang kedah nebihi watak adigang adigung adiguna. Adigang ateges ngendelaken kuwasa, adigung ateges ngendelaken kakuwatan, lan adiguna ateges ngendelaken kapinteran. Watak tetiga punika kedah dipuntebihi amarga saged ndamel setunggaling tiyang keblinger.

sapunika tuladha salah satunggaling tembang wonten pupuh gambuh

Sekar gambuh ping catur
sekar gambuh pola kaping papat

Kang cinatur, polah kang kalantur
kang dadi caturan/omongan, amarga polah kang ora teratur

Tanpa tutur, katula-tula katali,
ora gelem ngrungokake, saya suwe sengsara 

Kadaluwarsa ka tutuh
Wis kasep lan ora bisa di kendalikake

Kapatuh pan dadi awon
kaya mangkono bisa dadi kahanan kang elek


          Piwulang kang saged dipunpundhut saking tembang gambuh ing nginggil punika "dados tiyang kedah purun mirengaken ngendikanipun tiyang supados saged mlampah wonten margi ingkang leres lan tebih saking kahanan ingkang awon".

Punika ingkang saged kula babar saking serat Wulangreh pupuh Gambuh anggitanipun Sri Pakubuwono IV.
Media pembelajaran serat wulangreh pupuh gambuh saged dipunpirsani wonten Media Pembelajaran Macapat.


http://www.sinaujawa.com/2014/10/serat-wulangreh-pupuh-gambuh.html

CANGKRIMAN

Cangkriman

 

Cangkriman iku unèn-unèn utawa ukara kang kudu dibatang. Cangkriman umumé kanggo gégojégan. Ana uga cangkriman kang digawé sayembara ing lakon wayang. Cangkriman ana werna-werna, yaiku: cangkriman wancahan, pepindhan, lan blèndèran (plèsèdan). Ana uga wangsalan kang dijawab dhéwé.
Cangkriman iku kapérang dadi papat, yaiku:
  • cangkriman kang awujud tembung wancahan.
  • cangkriman kang awujud pepindhan utawa irib-iribing barang.
  • cangkriman kang ngemu surasa blenderan
  • cangkriman liya-liyané

Cangkriman Wancahan

Wancah iku tegesé cekak. Wancahan iku kudu dibatang kang disusun seka gatra kang ana. Contoné:
  • kabaketan = nangka tiba nang suketan.
  • pakboletus = tapak kebo ana léléné satus.
  • burnaskopen = bubur panas kokopen.
  • wiwawité, lesbadongé = uwi dawa uwité, tales amba godongé
  • yumaerong = yuyu omahé ngerong
  • suru bregitu = asu turu di bregi watu

Cangkriman Pepindhan

Cangkriman pepindhan iku cangkriman kang awujud ukara kang mèmper kaya kanyatané. Contoné:
  • Sega sekepel dirubung tinggi = salak.
  • Pitik walik saba kebon = nanas.
  • Bocah cilik tlusap-tlusup nang kebon = dom (jarum).
  • Wit adhikih woh adhakah = waloh.
  • Wit adhakah woh adhikih = ringin.
  • Kebo bulé cancang marang = buntil
  • Gajah nguntal sangkrah = pawon
  • Emboké wuda, anaké tapihan = pring

Cangkriman Blèndèran

Cangkriman blèndèran iki cangkriman iki sejatiné ukara pranyatan kang bisa gawé bingung yèn macané salah. Contoné:
  • Wong adol témpé ditalèni = sing ditalèni témpé, dudu wong sing dodol.
  • Wong mati ditunggoni wong mèsam-mèsem = sing mèsam-mèsem wong sing nunggu, dudu sing mati.
  • Ndhuwur kencrengan, ngisor jedhoran = wong ngunduh kambil

Cangkriman kang kacetak wacanan

Cangkriman iki rinakit arupa tembang. Tuladha:
Bapak pucung, rèntèng-rèntèng kaya kalung. Dawa kaya ula, pencokanmu wesi miring. Sing disaba, si pucung mung turut kutha. (sepur)
Bapak pucung, dudu watu dudu gunung. Sangkamu ing Plémbang, ngon ingoné sang Bupati. Yèn lumampah, si pucung lèmbèhan grana. (gajah)
Bapak pucung, dudu watu dudu gunung. Sabamu ing sendhang, péncokanmu lambung kéring. Praptèng wisma, si pucung muntah kuwaya. (klenthing/jun).  


https://jv.wikipedia.org/wiki/Cangkriman

JENENGE PENTHIL BAHASA JAWA


Jenenge Penthil | Arane Penthil | Materi Bahasa Jawa 3


Wit
Jenenge/Arane Penthil
Asem
Cempaluk
Jagung
Janten
Jambe
Bleber
Jambu
Karuk
Kacang
Besengut
Krambil
Cengkir
Manggis
Blibar
Nangka
Babal
Pelem
Pencit
Randu
Plencing
Semongko
Plonco
So/mlinjo
Kroto
Timun
Serit




http://dipurworejosaja.blogspot.co.id/2012/03/jenenge-penthil-arane-penthil-materi.html