Rabu, 09 Desember 2015

SILSILAH MAHABARATA

silsilah-mahabarata-india 


https://tokohwayang.wordpress.com/2009/11/13/silsilah-mahabarata/

SILSILAH DALAM KELUARGA JAWA


Keturunan kapisan = ANAK
Keturunan Kelara = PUTU
Keturunan Ketelu = BUYUT
Keturunan Kepapat = CANGGAH
Keturunan Kelima = WARENG
Keturunan Keenam = UDHEG-UDHEG
Keturunan Kepitu = GANTUNG SIWUR
Keturunan Kewolu = GROPAK SENTHE
Keturunan Kesanga = DEBOK BOSOK
Keturunan Kesepuluh = GALIH ASEM



http://www.myheritage.com/FP/newsItem.php?s=66672801&newsID=2

WANGSALAN

Wangsalan iku unen-unen cangkriman nanging dibatang (dibedhèk) dhéwé. Ukarané ora persis nanging mèmper waé. Wangsalan ana kang awujud ukara selarik, bisa uga awujud tembang. Tuladha sing wujud ukara:
  • Nyaron bumbung, nganti cengklungen nggonku ngenteni. (saron bumbung=angklung)
  • Njanur gunung, kadingaren sliramu teka. (janur gunung=aren).
Tuladha sing wujud tembang:
  1. Jirak pindha munggwing wana
  2. Sayeng kaga we rekta
  3. Sinambi kalaning nganggur
  4. Wastra tumrap mustaka
  5. Pangikete wangsalan kang sekar pangkur
  6. Kinarya langen pribadi
Batangane:
  • Jirak pindha munggwing wana = wit kesambi.
  • Sayeng kaga = piranti kanggo nyekel manuk (kala).
  • We rekta kang muroni = iket.
  • Baon sabin = karya.

Jenisé Wangsalan

  • Wangsalan lamba yaiku wangsalan kang mung isi batangan (tebusan) siji. Unen-unen wangsalan lamba mung saukara kang kadadean saka rong gatra. Gatra kang ngarep isi wangsalan, gatra sing isi batangané.
Tuladha: Pindang lulang, kacek apa aku karo kuwe (Pindhang lulang = Krecek)
  • Wangsalan rangkep (camboran) yaiku wangsalan sing isi batangane luwih saka siji. Unen-unene wangsalan rangkep kadadeané saka rong ukara, siji-sijine ukara kadadean saka rong gatra.Ukara kapisan isi wangsalan ukara kapindho isi batangane.
Tuladha: Jenang sela, wader kalen sasonderan. (Apu, sepat) Apurata, yen wonten lepat kawula
  • Wangsalan memet yaiku wangsalan sing carane nggoleki batangane sarana ngoceki maksuding tetembungane ambal ping pindho.
Tuladha: Uler kambang, yen trima alon-alonan Oncek-oncekan kapisan: Uler kembang maksude lintah Oncek-oncek kapindho: Wanda tali ing tembung lintah, dianggap wancahane tembung kang surasane alon-alonan, yaiku tembung satitahe. Tembung satitahe ateges ora ngaya, mung tumindk sakepenake bae, kanthi alon-alonan.
  • Wangsalan padinan yaiku ana sing nganggo nyebutake batangane, la nana sing tanpa nyebutake batangane, marga wong-wong sing pandha krungu (maca) dianggep wis ngerti maksude (batangane).
Tuladha: Wong kae sajatine wis krungu kandhaku, nanging njangan gori. Gori iku mathuke digudhèg. Njangan gori = nggudhèg. Maksude wangsalan njagan gori yaiku mbudheg, api-api ora krungu.
  • Wangsalan mawa paungeran tartamtu
Wangsalan mawa paungeran tartamtu kena kaperang dadi loro, yaiku:
Mawa paungeran 4 wanda + 8 wanda Kang mawa paungeran 4 wanda + 8 wanda iku wangsalan lamba (mung isi batangan siji).Unen-unen mung saukara kang kadadean saka rong gatra.Gatra ngarep 4 wanda, isi wangsalan : gatra buri 8, isi batangane. Tuladha: Reca kayu, golek kawruh rahayu.(reca kayu = golek)
Mawa paungeran (4 wanda + 8 wanda ) X 2 = 24 wanda Kang mawa paungeran (4 wanda + 8 wanda) x 2 = 24 wanda yaiku wangsalan rangkep (isi batangan luwih saka siji). Unen-unen rong ukara, saben saukara kadadean saka rong gatra. Ukara kapisan (rong gatra) isi wangsalan, ukara kapindho (rong gatra) isi batangane. Tuladha:
Sayuk rukun, wulang wido mangsa rowang = 4 wanda + 8 wanda
Sayektine, wit saking bondho kawula = 4 wanda + 8 wanda
Sayuk rukun = saiyeg, saeka praya
Wulang wido mangsa rowang = bido
  • Wangsalan edi-peni yaiku wangsalan sing mawa paungeran .
  1. Unen-unene kadadean saka 2 ukara (wangsalan rangkep)
  2. Saben saukara kadadean saka 2 gatra (4 wanda + 8 wanda )
  3. Ukara kang kapisan (yaiku kang isi wangsalan) mawa purwakanthi guru swara lan purwakanthi basa utawa purwakanthi lumaksita.
Tuladha: Tepi wastra, wastra kang tumprap mustaka. (Kemada,iket) Mumpung mudha, nggegulanga ngiket basa.
  • Wangsalan kang sinawung ing tembang yaiku cacahé wandane lan tibaning swarane ing wekasaning gatrane ora tartemu, sebab kawengku ing guru wilangan lan guru laguning tembang. Guru wilangan lan guru laguning tembang kudu tansah menang, lire: ora kena owah, kudu tansah manut paungeraning tembang.
Tuladha: Sinom
Edane wong keneng guna, ambatik sinambi nangis, malam wuntah balabaran, geni mati muring-muring, prembenahan mbrebes mili, gawangan sinendhal putung, ya talah ta si kakang, puluh-puluh awak mami, petis manis wis kudu dadi pocapan.
Petis manis = kecap
  • Wangsalan kang sinawung ing tembang yaiku cakepan ing umpak-umpaking gendhing, gerong lan senggakan, kerep kanggo wangsalan (dilagokake dening pesindhen, niyaga utawa bocah-bocah sing padha manembrama).
Tuladha:
Pangkur Lamba (slendro Pantet 9)
Purwaka (buka,Basa)
Kembang adas sumebar neng tengah alas
Tuwas tiwas anglabuhi wong ora waras
Alah bapak, balung jagung saguhku isih janggelan
Wiwit gerong sing baku
Lagu gendhing pangkur lamba
Maweh gumirah wardaya
Tur mathuk kinarya aba
Mlaku bareng ulah raga
Balung jagung:maksude janggel
Janggelan = during tetep, isih kudu janji maneh, sendhe, bisa uga wurung.
Tuladha wangsalan ing tembang campursari kangen Kangen Pitung sasi lawase nggonku ngenteni, mung sliramu wong bagus kang dadi ati, rina wengi mung tansah takimpi-impi, jroning ati kangenku setengah mati, jenang gula ya mas ya mbok aja lali, ngelingana rikala jaman semana, sliramu janji aku setya ngenteni, lair batin tresnaku terusing ati, kangen wong kangen ngene-ngene rasane, rindhu-rindhu tambane kudu ketemu, klapa mudha enake kanggo rujakan, leganana aku kang nandhang kasmaran, mbalung janur wong bagus takanti-anti, ngusadani wong kangen kang antuk jampi

Carané ngarang wangsalan sing dikarang luwih dhisik, perangan buru (ukara sing isi batangane), banjur ngarang perangan ngarep (ukara sing isi wangsalane). Dadi pangarangé perangan ngarep (ukara kang isi wangsalan) tiba keri.

 https://jv.wikipedia.org/wiki/Wangsalan

TEMBUNG KAWI LAN BASA RINENGGA

Tembung Kawi lan Basa Rinengga

Tembung kawi iku rinaket banget karo basa rinengga. Tembung-tembung ing basa rinengga di jupuk saka tembung kawi. Tembung kawi yaiku tembung-tembung ing Basa Jawa kanga sale saka Basa Jawa Tengahan utawa Jawa kuna. Tembung-tembung iki wis arang banget digunakake kanggo omongan padinan (omongan sehari-hari), mula saiki wis arang keprungu. Mula ana saperangan masayarakat sing ora ngeti babar blas.
Tembung-tembung kawi akeh digunakake ing basa rinengga, yaiku basa kang digunakake kanggo nggambaake kaendahan lan kawibawan. Basa rinengga migunakake tembung-tembung kang endah lan edi peni, kebak kawibawan,  mula tembung-tembunge akeh dijupuk saka tembung-tembung kawi. Basa rinengga diginakake kango panyandra ing pahagyan mantu. Dene jinise kayadene:
a.              Panyandra penganten lanang lan wadon
b.             Panyandra tata praja
c.              Panyandra kirab penganten
d.             Pananda sasana pawiwahan, lsp.

Tuladha tembung-tembung kawi:

 Dina

Ø        Dite                 : Ahad
Ø        Soma               : Senen
Ø        Anggara          : Selasa
Ø        Buda               : Rabu
Ø        Respati            : Kamis
Ø        Sukra               : Jum’at
Ø        Tumpak           : Sabtu

Pasaran

Ø     Manis              : Legi
Ø      Jenar                : Paing
Ø      Palgun             : Pon
Ø      Cemengan     : Wage
Ø      Kasih               : Kliwon

Keblat

Ø      Puwa               : Wetan
Ø      Daksina           : Kidul
Ø      Pracima           : Kulon
Ø      Utara               : Lor

Warna    
                                                 
Ø      Rekta               : Abang
Ø      Kresna             : Ireng
Ø      Seta                 : Putih
Ø      Jenar/jene        : Kuning
Ø      Wilis                : Ijo                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                         


 https://jendelailmubasajawi.wordpress.com/2014/01/12/tembung-kawi-lan-basa-rinengga/                                                                                                      


 





TEMBUNG GARBA

Tembung garba yaiku tembung kang asline seka tembung loro (2) utawa luwih kang dadi wujud anyar.
Umpamane:
  • ana + ing ---> anèng
  • siti + inggil ---> sitinggil
  • nara + indra ---> narendra
  • prapta + ing ---> prapteng
  • tumuju + ing ---> tumujweng
  • maha + resi ---> maharsi
  • parama + iswari ---> prameswari                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                    https://jv.wikipedia.org/wiki/Tembung_garba

Minggu, 06 Desember 2015

PERANGANE AWAK


 Tembúng Ngoko – Kråmå Mådyå – Kråmå Inggil Perangane Awak:
No. Ngoko Kramå Madyå Kråmå Inggil
01.
02.
03.
04.
05.
06.
07.
08.
09.
10.
11.
12.
13.
14.
15.
16.
17.
18.
19.
20.
21.
22.
23.
24.
25.
26.
27.
28.
29.
30.
31.
32.
33.
34.
35.
36.
37.
38.
39.
40.
41.
42.
43.
44.
45.
46.
47.
48.
49.
50.
51.
alís
ati
awak
balúng
bangkèkan
bathúk
bókóng
brêngos
cangkêm
cêngêl
dhådhå
dhêngkul
dlamakan
driji
êmbun-êmbunan êndhas
èpèk-èpèk
gêgêr
gêlung
gêtíh
githok
gulu
idêp
idu
igå
ilat
irung
janggút
jénggot
kémpol
kringêt
kuku
kupíng
lambé
luh
måtå
pipi
pundhak
pupu
rai
rambút
riyak
sikíl
susu
suwårå
tangan
umbêl
untu
uyúh
wêtêng                    wudêl
alís
manah
badan
balung
bangkèkan
bathúk
bokong
brêngos
cangkêm
cêngêl
dhådhå
dhêngkul
dlamakan
driji
êmbun-êmbunan
sirah
èpèk-èpèk
gêgêr
gêlung
rah
githók
gulu
idep
idu
igå
ilat
irung
janggút
jénggot
kémpol
kringêt
kuku
kupíng
lambé
luh
mripat
pipi
pundhak
pupu
rai
rambút
riyak
suku
susu
swantên
tangan
umbêl
untu
toyan
wêtêng
wudêl
imbå
(pêng) galih
salirå
tosan
pamêkan
palarapan
bocong
gumbålå, rawis
tutuk
griwå
jåjå
jengku
samparan
racikan
pasundhulan
muståkå
tapak astå
pêngkêran
ukêl
rah
julukan
jangga
ibíng
kêcoh
unusan
lidhah
grana
kèthèkan,adhêgan
gumbala
wêngkêlan
riwé
kênåkå
talingan
lathi
waspå
paningal, socå
pangarasan pamidhangan
wêntís
pasuryan
 rémå, ríkmå
jlagrå
ampéyan
prêmbayún
swantên
astå
gadhíng
wåjå
turas
padharan
nabi

 https://tanahmemerah.wordpress.com/kasastraan/kawruh-bahasa-jawa/perangane-awak/

TEMBUNG SANEPA

Sanépa iku unèn-unèn sing tegesé mbangetaké nanging nganggo tembung kosok balèn. Sanépa iku ukara pepindhan kang kadadéyan saka dhapukaning tembung watak lan tembung aran.
Tuladha:
  • polahé anteng kitiran; tegesé polah banget, diumpamakké kaya kitiran
  • awaké kuru semangka; tegesé awaké lemu banget, diumpamaké kaya semangka
Umpamané:
  1. Ambuné arum jamban tegesé Ambuné banger banget
  2. Awaké kuru semangka tegesé Awaké lemu banget
  3. Balungé atos debog tegesé balungé empuk banget
  4. Barangé aji godhong garing tegesé Barangé ora aji banget
  5. Boboté abot kapuk tegesé Bobote entheng banget
  6. Cahyané abang dluwang tegesé Cahyane putih banget
  7. Dedege dhuwur kencur tegesé Dedege cendhek banget
  8. Èsemé pait madu tegesé Èsemé manis banget
  9. Kulitané wuled godhong lumbu tegesé Kulité mbedhel banget
  10. Lembuné benjo tampah tegesé Lemuné bunder banget
  11. Playuné rindhik asu digitik tegesé Playuné banter banget
  12. Rasané legi bratawali tegesé Rasané pait banget
  13. Sesrawungané renggang gula, kumepyur pulut tegesé Sesrawungané raket banget
  14. Tatuné arang kranjang tegesé Tatuné akeh banget
  15. Ulaté bening leri tegesé Ulaté mbesengut banget
  16. Wujudé agal glepung tegesé Wujudé lembut banget
  17. Barangé abot merang segedheng tegesé Barangé ènthèng banget
  18. Matane kedhèp tesmak tegesé Matané mentheleng
  19. Kulité kuning silit kwali tegesé Kulité ireng banget

 https://jv.wikipedia.org/wiki/San%C3%A9pa