1. BANTAL
TANPA GULING
Tetes
banyu iki dadi saksine ati
Nalika
awakmu lunga ninggal kembange lathi
Aku
mung bisa nyekel pocapanmu
Yen
awakmu bakal mulih nyangking janji
Uripku tansah tanpa bumbu
Karasa kurang nalika ditinggal
awakmu
Kaya dene bantal tanpa guling
Pikiranku tansah kailing
Bantal kang ora lengkap tanpa
tekanmu
Guling kang ora lengkap tanpa
aku
Bantal lan guling kudu bisa
nyandeng
Aku lan awakmu kudu bisa
nggandeng
Nganti tekane paten
Dening Ima Suryani
Tidak ada komentar:
Posting Komentar