1. MATI
RASA
Rikala manungsa lali
Dadi kakuning ati
Apa lan kenapa ana donya
Nalika wis padha rumangsa
Bakal isa, gampang lan ngremehna
ISA
nglakoni perkara kang dadi dusta agama
Tanpa
eling neraka disiksa
GAMPANG
goleki alane liyan
Ora
sadar yen awake lali
Lali
maring kodrat insani
NGREMEHNA
apa sing dadi hasile liyan
Ora
ngerti yen awake ora bisa tandang
2. REMBULAN
Peteng ndedet tekane wengi
Ati manungsa pada nggegirisi
Apa ya kuwi pratanda ilahi?
Pratanda yen manungsa ora bisa apa-apa
Manungsa mung duwe raga
Nanging ora duwe daya
Teka
rembulan kang gawa sinar
Kanggo
madangi alam donya
Sinar
satitik(siji) kang sumebar
Nganti
padang ati manungsa
Rembulan
sing nuntun maring agama
Kang
ndadekake urip mulya
3. GELAS
KOTHONG
Gelas kothong pratanda resik
Resik isi ala lan apik
Apik kanggo manungsa sithik
Sithik kang agawe becik
Ala kanggo manungsa kathah
Manungsa kang padha mbantah
Perkara apik sing diperintah
Kita
kaya dene gelas kothong
Nalika
lair ing alam donya
Resik
tanpa ala sethithik
Resik
tanpa becik katitik
Gelas
diisi banyu
Maanungsa
diisi ngilmu
Ngilmu
kang nuntun
Maring
kang ora gawe getun
Tidak ada komentar:
Posting Komentar