Senin, 30 November 2015

identitas lan manekawarni puisi jawa klasik

Puisi jawa klasik yaiku bagian sing ora bisa dipisahke saka khazanah kesusastran jawa tradisional. Karya sastra jenis iki umume didokumentasi ing naskah-naskah kuna sing disimpen ing museum-museum lan perpustakaan Indonesia, kayata perpustakaan Nasional Jogjakarta , perpustakan Sonobudoyo Yogyakarta lan sapanunggalane.
RAGAM PUISI JAWA
kategori puisi jawa klasik diwenehake marang karya-karya sastra jawa ing dalem metrum macapat kanggo mbedakake pemahaman babagan pengertian puisi jawa kuna sing bermetrum kakawin, puisi jawa tengahan sing bermetrum kidung, lan puisi jawa modern sing bermetrum geguritan. puisi jawa klasik biasane ditulis nganggo ragam basa jawa anyar huruf jawa utawa arab jawa. puisi jawa klasik sing ana bisa dikategorikake ing dalem kelompok-kelompok yaiku: 1) sastra babad 2) sastra piwulang 3) sastra pewayangan lan 4) sastra islam ( suluk, wirid, lan menak)
A. sastra babad
sastra babad umume berisi peristiwa-peristiwa sing ana hubungane karo kerajaan utawa tokoh-tokoh penting ing dalem kerajaan sing diceritakake secara naratif. contoh babad: babad Tanah Jawi, babad Mangir , babad Pati, babad  Majapahit lan sapanunggalane.
B. Sastra piwulang
sastra piwulang nduweni kandungan isi babagan nasihat utawa kritik sosial lan ajaran ketuhanan. contoh: kitab Nitisastra, Wulang reh Wulang sunu, wulang putra lan wulang putri.
C. Sastra pewayangan
sastra iki ngemu carita pewayangan. contone ana carita Ramayana lan Mahabarata.
D. Sastra Islam
sastra islam yaiku sekelompok karya sastra nganggo bahasa lan huruf jawa sing sumbere saka kasusastran islam lan prinsip-prinsip ajaran ketuhanan islam.


saking buku Puisi Jawa Klasik dening Yusro Edi Nugraha

Tidak ada komentar:

Posting Komentar