Senin, 30 November 2015

identitas lan manekawarni puisi jawa klasik

Puisi jawa klasik yaiku bagian sing ora bisa dipisahke saka khazanah kesusastran jawa tradisional. Karya sastra jenis iki umume didokumentasi ing naskah-naskah kuna sing disimpen ing museum-museum lan perpustakaan Indonesia, kayata perpustakaan Nasional Jogjakarta , perpustakan Sonobudoyo Yogyakarta lan sapanunggalane.
RAGAM PUISI JAWA
kategori puisi jawa klasik diwenehake marang karya-karya sastra jawa ing dalem metrum macapat kanggo mbedakake pemahaman babagan pengertian puisi jawa kuna sing bermetrum kakawin, puisi jawa tengahan sing bermetrum kidung, lan puisi jawa modern sing bermetrum geguritan. puisi jawa klasik biasane ditulis nganggo ragam basa jawa anyar huruf jawa utawa arab jawa. puisi jawa klasik sing ana bisa dikategorikake ing dalem kelompok-kelompok yaiku: 1) sastra babad 2) sastra piwulang 3) sastra pewayangan lan 4) sastra islam ( suluk, wirid, lan menak)
A. sastra babad
sastra babad umume berisi peristiwa-peristiwa sing ana hubungane karo kerajaan utawa tokoh-tokoh penting ing dalem kerajaan sing diceritakake secara naratif. contoh babad: babad Tanah Jawi, babad Mangir , babad Pati, babad  Majapahit lan sapanunggalane.
B. Sastra piwulang
sastra piwulang nduweni kandungan isi babagan nasihat utawa kritik sosial lan ajaran ketuhanan. contoh: kitab Nitisastra, Wulang reh Wulang sunu, wulang putra lan wulang putri.
C. Sastra pewayangan
sastra iki ngemu carita pewayangan. contone ana carita Ramayana lan Mahabarata.
D. Sastra Islam
sastra islam yaiku sekelompok karya sastra nganggo bahasa lan huruf jawa sing sumbere saka kasusastran islam lan prinsip-prinsip ajaran ketuhanan islam.


saking buku Puisi Jawa Klasik dening Yusro Edi Nugraha

puisi jawa

 

1.      MATI RASA

Rikala manungsa lali
Dadi kakuning ati
Apa lan kenapa ana donya
Nalika wis padha rumangsa 
Bakal isa, gampang lan ngremehna

                  ISA nglakoni perkara kang dadi dusta agama
                  Tanpa eling neraka disiksa
                  GAMPANG goleki alane liyan
                  Ora sadar yen awake lali
                  Lali maring kodrat insani
                  NGREMEHNA apa sing dadi hasile liyan
                  Ora ngerti yen awake ora bisa tandang


2.      REMBULAN

Peteng ndedet tekane wengi
Ati manungsa pada nggegirisi
Apa ya kuwi pratanda ilahi?
Pratanda yen manungsa ora bisa apa-apa
Manungsa mung duwe raga
Nanging ora duwe daya

                  Teka rembulan kang gawa sinar
                  Kanggo madangi alam donya
                  Sinar satitik(siji) kang sumebar
                  Nganti padang ati manungsa
                  Rembulan sing nuntun maring agama
                  Kang ndadekake urip mulya


3.      GELAS KOTHONG

Gelas kothong pratanda resik
Resik isi ala lan apik
Apik kanggo manungsa sithik
Sithik kang agawe becik
Ala kanggo manungsa kathah
Manungsa kang padha mbantah
Perkara apik sing diperintah

                  Kita kaya dene gelas kothong
                  Nalika lair ing alam donya
                  Resik tanpa ala sethithik
                  Resik tanpa becik katitik
                  Gelas diisi banyu
                  Maanungsa diisi ngilmu
                  Ngilmu kang nuntun
                  Maring kang ora gawe getun