MALING KEMALINGAN
Dina
iku nalika sang surya ndelik ning nggurine mega ireng, aku ngonangi Agus nggandheng
wadon liya. Awale aku ya mung nganggep paling kuwi adike utawa kancane. Aku
meneng-meneng ngetutke Agus. Aku mulai curiga merga ora mung sepisan iki aku
ngonangi Agus nggandheng wadon liya. Kuwi uga wadone gonta-ganti. Aku wedi yen
kancaku Ana ngerti pacare kuwi seneng nggandheng wadon liya. Aku nyimpen
rahasia yen jebule si Agus ndhuweni pacar luwih saka lara. Aku kudu bisa
mbuktekake marang Ana. Aku ora rela yen kanca raketku ditikung saka mburi. “
awas wae kue Gus, tingkahmu kaya maling yen pacaran kudu ndelik-ndelik. Bakal
tak bukak kabeh kedokmu” omongku neng ati.
Dina
esuke aku ngajak Ana jalan-jalan supaya bisa mergoki Agus nggandheng wadon
liya. Nanging apese Agus ora ngetok. Neng atiku sakjane ora tega yen arep kandha
marang Ana masalah iki. Untunge aku ketemu cewek sing tau digandheng Agus.
Jebule kuwi sing ndhuweni warung mangan panggon biasane Agus nongkrong. Karepku,
aku pinging gawe jebakan supayane Ana lan Rita sing ndhuweni warung mangan kuwi
ngerti yen Agus kuwi tukang kibul lan maling sing senengane njaluk apa wae saka
pacar-pacare. Awale Ana lan Rita ora percaya apa sing tak omongke, tapi sakwise
aku menehi potone Agus deweke padha percaya. Ana ngrasa lara ati banget, semana
uga Rita. Ahire Ana lan Rita isa akur lan nyusun strategi kepriye carane isa
mbales kalakuane si Agus. Atiku krasa ayem nalika Ana wis ngerti kelakuane
pacare.
“
berarti saksuwene iki aku ngrumati maling sing terselubung” omonge Rita nesu.
“
ya wis, sing penting awake dhewe wis ngerti yen Agus kuwi tuakang kibul” saute
Ana ngendheki.
Aku
lan Ana pamit mulih marang Rita. Nanging sadurunge kuwi Ana lan Rita
ijol-ijolan nomer kanggo komunikasi. Rita ngajak ketemu kanggo mbahas balas
dendam marang Agus.
“
kaya ngene wae, awake dhewe aja ngetok-ngetoke yen wis ngerti kelakuane Agus.
Tugase awake dhewe yaiku gantian njaluk-njaluk marang Agus. Nak isa njaluka
sing akih. Kanggo mbalekna bandaku lan bandamu sing wis digawa Agus” ujare
Rita.
“
aku setuju apa sing dadi karepmu. Nanging awake dhewe uga mesti gawe Agus
tobat. Supayane ora ana korban-korban liyane” omonge Ana.
Ahire
misi lan visine Ana isa lumaku kanthi sempurna. Agus sing ora ngerti yen dheweke
wis dikibuli, kudu bisa menehi apa sing
dadi kepinginane pacar-pacare. Yen ora gelem nuruti bakal diputus. Sakwise kuwi
Agus ora ndhuwe wektu kanggo nemoni pacar-pacar sing liyane merga disibukake
karo Ana lan Rita sing saben dina kudu ketemu. Kaya dene Ana sing wis ditipu
lan dimalingi bandane karo Agus, saiki Agus genten ditipu Ana. “ rasakna kuwe
saiki Gus, kaya dene maling sing kemalingan lakonmu” omongku ning jero ati.
Ora
let suwe Ana mergoki Agus lagi nggandheng wadon liya. Ana ora sabar pingin
nglabrak Agus. Nanging tak gandhoki tangane. Aku ora pengin rencana sing wis
disusun ora kelakon maneh. Ahire aku nelpon Rita kanggo nemoni Agus. Ora let
suwe Rita teka. Raine abang branang, mripat kaya dene arep ucul, tangan kaku
pengin ngeplak wong. Ana uga ora sabar pingin nyelehna tangane ning pipine
Agus.
“
plakkk…….oh ngunu ya kelakuanmu saiki. Balekna barang-barangku sing wis mok
rampok” omonge Rita nesu.
Ana
mung meneng sedela. Dheweke kaya-kaya isih kebayang nalika lagi manis-manise
Agus marang awake.
“
iki ana apa Gus, sapa wong wadon iki kug ngaploki awakmu?” omonge wadon sing
lungguh neng sandhinge Agus.
Agus
mung meneng madep mangisor. Dheweke ora bisa selak. Ahire Ana njelasake marang
wadon mau apa sing dadi masalahe. Wadon mau katon kaget banget. Merga kurang
saka rong minggu dheweke arep tunangan karo Agus. Rita lan Ana padha kaget
ngerti pawarta iku. Ahire Rita pasrah. Pancen ya Rita wis ora ndhuwe rasa maneh
marang Agus. Dene bandane wis mbalik , Rita milih lunga lan medot hubungan karo
Agus. Meneng sedela, aku ndelok Ana. Rai putih pucet ,cangkem kekunci ora bisa
omong apa-apa. Gelem ora gelem Ana kudu lila ninggalna Agus. Atiku ngrasa ora
tega nyawang Ana. Tapi arep piye maneh? Kabeh wes kadung dilakoni. Siji sing
dadi sebabe yaiku si Agus. Ahire Ana bisa ngerteni yen pancen Agus kuwi ora
jodone. Ana kanthi ati legawa teka neng resepsine Agus karo wadon mau.
Perainane
Ana katon seger, abang-abang neng lambene nambahi manis ing meseme. Neng acara
kuwi aku ngerti Ana wis nggandheng Angga kanca SMP-ne. yen tak sawang Angga
pancen pantes karo Ana. Dheweke wis ndhuwe pagawean tetep lan wis mapan. Beda
karo Agus sing isane mung njaluk pangan marang wong wadon.
Wanci
sore nalika sang surya pamit, aku ngerti pawongan gedhe duwur sing lagi lungguh
neng pinggir dalan mandengi aspal. Klampi koyak lan topi suwek nutupi badane.
Kayu siji lan botol bekas ngancani ning siseh kiwa tengene. Aku ngrasa memelas
arep menehi separo sanguku ning dompetku. Ora kira ora nyana jebul kuwi si
Agus.
“
loh….! Awakmu lah ngapa neng kene Gus? Bojomu neng endhi? Pitakonku kaget.
“
bojoku mangkreng neng omah, jebul bojoku utange akih. Dene aku ora ndhuwe
keahlian apa-apa, ya mung iki kanggo nutupi utange bojoku. Aku kebodon,
ngomonge ora bakal njaluk apa-apa. Nyatane penjalukane nggrembyong. Kae nalika
pacaran, sakpanjalukanku dituruti. Jebul olehe nuruti nganggo utang neng
rentenir. Naseb-naseb.......aku kaya dene maling sing kemalingan” ngomonge Agus
kathi isin tur gela.