ADAT TRADISI JAWA
Para sutresna Budaya, saderengipn kula ngaturaken bab adat Upacara
manten, kang kedadosanipun manake warni, liripun boten sanes amargi
tasih sami ngegegi paugeran ingkang boten nilar suba sita. Sarta amargi
sami sesambetan ing madyaning brayat agung, ingkang sedaya wau
tondhonipun boten sanes anggenipun badhe kepengin ngluhuraken satunggal
lan setunggalipun.
Sambet kaliyan punika wau, petang kula bilih siaran RRI lajeng dados
srana gerelya budaya, liripun jaman kamardikan dumuki sepriki
kados-kados kabudayan Jawi nembe kalindhih kabudayan maca, ingkang
kados-kados lajeng cengkah kaliyan poaugeran lan piwucal para pini
sepuh.
Mila Siaran bab upacara adat kang lumantar Prog IV RRI sampun dipun
tampi ngguroni, nanging kepengin ndhudhah lan nggugah para sutresna
budaya ing pundi papan, langkung-lakung ingkang sami nyebat tiyang jawi (
Wong JAWA) murih sampun ngatos kecalan jawinipun.
Dene mligi kula pribadi ingkang kadhawuhan ngaturaken boten ateges
kula badhe ngguroni panjengan sedaya. Awit sejatosipun ingkang kula
gadhahi pepindhanipun sak agenging kuku kemawon dereng wonten, punika
estu, namung kadereng kepengin ndherek tumut cawe-cawe murih lestariipun
kabudayan Jawi ingkang adi luhung punika.
Mila Panuwun kula, nyuwun para sutresna budayan sami kersa paring atur
pemanggih pamrayogi, lan panyaruwe,
murih warisan kabudayan Jawi ingkang adiluhung, tumuli saged kumbul
malih. Kepara saged dados srana meper kabudayan manca ingkang laras
kaliyan kabudayan Jawi.
BEDANIPUN UPACARA MANTEN JOGJA LAN SOLO
Dene wanci punika kula badhe ngaturaken mligi bab
bedanipun
upacara adat ingkang bade kagungan kersa mantu. Mligi Ngayogyakarta
kaliyan Solo. Ingkang sampun dipun damel paugeran, ingkang sipatipun
kepara nasional. Dene gambaripun Upacara makaten:
No |
Gagrak Yogya |
|
Gagrak Solo |
Keterangan |
1 |
Nontoni |
|
Nontoni |
Woten, sampun boten mlapah |
2 |
Lamaran |
|
Lamaran |
Woten, sipatipun mana suka adat kulawarga |
3 |
Asok tukon |
|
Asok tukon |
Woten, sipatipun mana suka adat keluwarga |
4 |
Srah-srahan, Nyantri |
|
Srah-srahan |
Woten, sipatipun mana suka, umum sapunika sedinten utawi kalih dinten saderengipun ijab |
5 |
Tarub |
|
Tarub |
Woten, sipatipun mana suka, awit wonten 3,2,1 dinten saderengipun tempuking damel utawi lijab |
5 |
Siraman |
|
Siraman |
Woten, Resmi padatan benten. Solo, wonten
bopongan, mande dawet lan potong rekma. Yogya bibar siraman gantos
busana nyampingan grompol + nogosari |
6 |
Midodareni |
|
Midodareni |
Woten, sipatipun Resmi, padatan benten. Solo wonten nebus kembar mayang |
7 |
Ijab |
|
Ijab |
Woten. sipatipun Resmi menggahing nagari |
|
Panggih |
|
Panggih |
Woten, sipatipun Resmi atat Jawi padatan tata upacaraipun benten-benten |
8 |
Resepsi |
|
Resepsi |
Woten, Siapatipun resmi, mana suka |
Saking sarenteten upacara wau sak perangan sampun wonten paugeran, kados antawisipun:
- Tata Adat upacara Siraman
- Tata adat upacara Panggih
- Tata adat Rias penganten
- Tata adat Model busana Penganten
Dene sanesipun sipatipun tasih mana suka, tegesipun gumantung pribadi
ingkang kagunan kersa..dene tetimbanganipun murih gampilipun. Mila
lajeng wonten sebagian upacara dipun gabung kados conipun
- Nontoni sampun boten mlampah, awit lare sampun sami tetepangan
- Adicara Lamaran dados satunggal kaliyan asok tukon, Lan wanci punika
kirang mantepin dipun wonteni tukar cicin. ( awit tukar cincin sanes
tata adat Jawi )
- Adicara Srah-srahan kaliyan adicara Asok Tukon
- Adicara Midodareni, sampun boten wonten, gantosipun dipun wonteni
Upacara Srah-srahan lan ugi Asok Tukon, Mligi kang ngrasuk agami
Kristiani dipun wonteni sembayangan, utawi Biston, Kang islam waosan
Alqur’an Ingkang sedayan wau manut gothek ing ngakathah murih
gampilipun.
Namung caos wuninga mligi bab upacara Srah-srahan yen ngajeng sampun
wonten upacara srah-srahan inggih srah-srahan kang werdinipun tanda
sarujuking rembag antawis kulawarga setunggal lan satunggalipun, mila
lajeng wonten tanda dados /jadi nggenipun nglamar. Samenika wonten
upacara tukar cicin
Mila Srah-srahan nalika Midodareni pemanggih kula srah-srahan calon pengaten, mila prayogi boten perlu mbekta punapa-punapa.
Dene kados ingkang kula aturaken ngajeng , tasih kathah ingkang
dereng dipun damel paugeran, ingkang sipatipun tasih mana suka, kados
contonipun
- Nontoni;
- Lamaran
- Asok Tukon
- Srah-stahan
- Pasang Tarub
- Ugi Bab busana kagem tiyang sepuhipun lan busana pengombyong manten : Buku tamu, pager ayu/bagus, among tamu. Lan MC
Makaten sawantawis atur kula sumangga para sutresna kersa nunggal
kanthi paring pemanggih. Murih saged mbuka manah para kadang sutresna
Budaya , mligi kang badhe kagungan kersa saged langkung terwaca.
Bab Adat Nontoni
Adat Nontoni punika satunggaling tata cara Jawi, mligi satunggaling
kulawarga ingkang kagungan putra kakung, badhe ngersakaken putra mantu,
ingkang dados inceranipun. kagem putranipun, gampilipun ingkang badhe
dipun suwun dados sisihanipun putranipun
Mila kulawarga kakung lajeng mbudidaya matah satunggaling wakil
kulawarga utawi duta, ingkang kadhawuhan nangletaken utawi pados sisik
melik, wonten dalemipun lare estri ingkang dados inceranipun wau.
Mila wakil kulawarga wau sowan wonten tiyang sepuhipun lare estri ,
ingkang ugi nganthi putra kakungipun. Liripun samangke saged pirsa
piyambah larenipun.
Dene kulawarga pihak putri, sampunipun nampi rawuhipun para tamu, ing
salajengipun badhe ndhawuhi putranipun putri ingkang dados wigatosing
rembag kadhawuhan ngladosaken unjukan, sarta dhahar kagem para tamu
wau. Liripun sageda dipun pirsani ingkang badhe ngersakaken, leres lan
botenipun
Adat ingkang sampun, wonten ing adicara nontoni rantamanipun:
- Atur Pambuka saking kulawarga. Wigatosig atur, ngaturaken kasugengan, sarta mundut pirsa wigatosipun anggenipun sami rawuh.
- Atur pangandikan saking pihak tamu. Wigatos atur, ngaturaken salam taklim Bpk X. Lan matur punapa ingkang dados wigatos sowan.
- lajeng kacaosan unjukan lan dedhaharan. Wonten adat caos unjuk
punika putra putri ingkang wigatosing rembag ingkang ngladosaken. Dene
putra kakung ingkang badhe ngersaken wau namung mirsani kanthi ulat
manis, lan tanggap ing samita.
- salajengipun kulawarga pihak kakung sami nyuwun pamit, wigatosing rembak sanes wedal badhe sowan malih
- panutup, atur pangandikan saking kulawarga putri, lan boten kesupen atur salam taklim katurna bpk. X
- Salajengipun wakil kulawarga kondur, lan caos palapuran wonten ngersanipun Rama saha ibu putra kakung wau
Pramila adat nontoni satunggaling adat ingkang luhur, awit upacara
Nontoni boten nilar suba sita anggen sami gesang ing madyaning brayat
agung kang maneka warni
Punapa ingkang dipun kajengaken BIBIT, BEBET, BOBOT:
Wigatosing rembag:
Upacara Nontoni, satunggaling
adat tiyang sepuh ingkang badhe kagungan kersa mantu, kanthi pangajab
putranipun manggih begja mulya. Mila 3 prekawis kang dados tetimbangan
: BIBIT, BEBET, BOBOT
Sambet bab wau, lanjeng punapa werdinipun, lan punapa tasih relepan?:
Saking pemanggih kula bab upacara nontoni, najan kawontena tambah
maju, lare sampun sami tepang, nanging jejering tiyang sepuh kinten
kula sae lan prayogi tetep cawe-cawe, paring tetimbangan. Jaman kawuri
tetimbanganipun kados ingkang asring kapireng ingkang dipun wastani:
BIBIT, BEBET LAN BOBOT punika
Dene saking pemanggih kula tetimbang punika wonten saenipun, awit werdinipun :
- Bibit. Gampilipun wiji, asal-usul saking pundi utawi kulawarga
kang kados pundi. Awit kula pitados bibit ingkang sae tumusipun
damel brayat utawi kulawarga ugi sae, boten gampil crah utawi
padudon.
- BEBET. Kinten kula tetimbangan punika ugi tasih perlu, awit;
bebet = sipat, watak larenipun, murih saged larasing anggenipun
sami bebrayan. Mila pangajabipun murih saged sami mong kinemong
antawis satunggal lan satunggalipun. Mila ingkang perlu dipun emut,
bilih watak dados sandhanganing tiyang , utawi dados
ciri-wancinipun, boten saged ewah.
- BOBOT, tumanduk saged saking kapinteran, saking derajat, utawi saged kadungan raja brana.
Ewa semanten kula sumanggaken. Awit sedaya ugi saking nasibing lare.
Nanging yen ngemuti duk semanten dados tetimbangan bilih BIBIT,
tegesipun wiji, utawi asal-usuling kulawarga, kados pundi sae lan
botenipun, BEBET, tegese derajat turunipun, mligi sipat lan watakipun.
BOBOT, tegesipun larasing gesang ing tembe wingking
Makaten saklumit gambar adat nontoni ingkang kula mangertosi. Pramila kula sumanggakaken para sutresna budaya badhe nanggapi.
Bab Adat Lamaran
Kados pundi babaring adat lamaran jaman kawuri lan kados pundi prayoginipun ing wanci punika ?
Adat ingkang sampun, upacara lamaran katindakaken saksampunipun
angsal sisik melik, lare istri ingkang dados inceranipun cetha dereng
dipun wengku kakung.
Dene urutaning adicara lan uba rampening Lamaran kang baku
- Atur pambuka saking kulawarga
- Atur panglamar ( saged ngagem surat , atur pangandikan).
- Caos tanda katresnan ( oleh-oleh, maneka warni dhaharan saking
ketan, werdinipun murit saged lengket / kelet) tumus sageda lajeng
rumaket pepindhaning renggang gula kepyur pulut
- Caos kintun oleh-oleh yen tamu wau kondur
- panutup.
Adat Asok Tukon
Sajatosipun asok tukon, boten perlu dipun acarani, tegesipun saged sesambetan langkung prei, Dene
Asok tukon kathahipun dipun dadosaken satunggal kaliyan nalika Lamaran. Lan wonten nalika Malam Midodareni
Dene uba rampe asok tukon :
- Sanggan.
- Busana satunggal pengadeg kagem calon manten putri
- tindhih ( arta kathah sekedhikipun sumangga )
- Oleh-oleh, ujude dhadharan saking ketan
- Yen Eyangipun tasih sugeng, dipun kantheni nyaosi pesing
Bab Pasang Tarub
Saking pemanggih kula Tarub, satunggaling adat mligi tiyang ingkang
badhe kagungan kersa mantu. Liripun jaman kawuri kagem ngawekani yen
tamu ingkang rawuh kathah. Nanging ugi kepara malah saged dados pratanda
bilih ing mriku wonten ingkang kagungan kersa. Kejawi saking punika
ngendikanipun para pini sepuh bilih pasang tarub satunggaling adat
ngawekani dhatengipun bab-bab ingkang boten prayogi, mila tarub ugi
dados satunggaling srana talak balak.
Manut crita kina pasang tarub dados pratanda nyuwun dumateng ingkang
jagi lingkung utawi papan mriku kawentaripun dipun sebat ingkang
mbaureksa, kanthi pangajab murih tumut ngrencang-ngrencangi. Nanging ugi
wonten ingkang kagungan pemanggih dados srana anggenipun nyuwun
dumateng ‘Ki Jaka Tarub’ supados kersa mbantu sarta jagi anggenipun
kagungan kersa murih papan wau saged cekap(amot) lan mboten nguciwani
anggenipun nampi para tamu.
Kejawi saking punika pasang Tarub. asring wonten ingkang ngagem
petang utawi tetimbangan ingkang sipatipun dipun wastani “saat”. Dene
tetimbangan wau lajeng kados-kados dados paugeran awit dinten lan
wancinipun dados pathokan, lan wonten bab sanes, kados contonipun yen
sareng naasipun kulawarga. mila pinanggihipun unik. Dene tetimbangan
kula ingkang baken; dinten lan wekdal saged disengkuyung dening sanak
sederak punapa boten, nuwun semu punika kula. Ingkang tentu kemawon
boten nilar paugeran Jawi, awit wewujudan tarub wau estu damel regenging
papan, kepara damel aguning budaya Jawi, sarta saged damel kajen
kelingan kang kagungan kersa
Pasang tarub punika saking masang
tratak dan
bleketepe, serta pasang
tetuwuhan. Dene Tetuwuhan punika kapasang kagem regol mlebet medalipun tamu.
Tutuwuhan ingkang dipun agem werni-werni, ingkang awujud
who-wohan ( biji ), wit-witan, ingkang kapilih dados lambing punpa
ingkang dados pangajabipun ingkang kagungan kersa. Kadosdene
- Pisang Raja Ayu
- Kelapa ganding
- Tebu wulung
- Pari lan cantle
- ron-ronan ; keluwih,ringin dan kroton lsp
Pasang “Tratak”
Jaman kawuri tratag dipun damel saking “kepang” nginggilipun katutup “bleketepe”. Bleketepe punika ; n
am-naman ron klapa. Nanging samika tratak umumipun dipun gantos tenda.
Tratak pinggiripun paringi “janur kuning”. Dene masangipun
paugeranipun kadamel mlengkung, werdinipun amayungi. Dene tembung
“janur” ngendikanipun mengku werdi saking ‘jan-nur’, tegeseipun ‘
jan’ saking tembung “jane” dene ‘
nur’ cahya. Mila werdinipun Cahya ingkang
nyata, utawi terang sanyata.
Dene werdinipun masangan janur kuning dados lambang tetenger ing wanci
punika ing mriku wonten manten.( Yen wis ana janur kuning mlengkung
sira aja wani ngganggu wanita iku)
Salajengipun punapa kemawon uba rampe kagem damel tarub
1. Damel “kajang” utawi tratak, cagak saking deling ampel utawi
wulung (pring), lan payon kadamel kepang , nginggil dipun sukani
nam-naman “bleketepe”, pinggiring tratak dipun rengga janur kuning
kapasang melengkung.
2. Tetuwuhan, kapasang ing ngajeng / regol ‘pintu masuk’. Tetuwuhan
punika saking pisang raja, cengkir gading, tebu wulung, pari lan
cantel, ron kluwih, ron kruton lan ron ringin. Miturut gotheking
ngakathah sedaya wau kapilih mengku pralampita, satunggaling pangajab
saking kang kagungan damel
3. Werdinipun
Pisang raja” kapilih kang
sepuh, wonten kalih tundhun” . kang werdinipun lambang pangajab ing
tembe para putra kagungan watak/sipat kados raja ingkang
berbudi bawa laksana,
lan tansah dipun pitados tiyang kathah, sarta tansah mranani, kejawi
saking punika mugi gesangipun lare kados dene pisang “rila pejah yen
sampun wonten wohipun”
4. “Pari wulu” kalih
unting’ utawi cantel (salah satunggal) lambang sang pinanganten kathah rejeki, boten kekirangan.
5. Klapa ganding ‘2 janjang’. Lambang ing tembe pinangantin saged
gesang ing pundi papan, sarta saged migunani gesangipun mligi
brayatipun sumrambah tiyang sanes
6. Tebu wulung’ 2 batang, kapasang kiwa tengen regol wau pinangka
tolak balak, nanging ugi dados lambing mantepaning manah anggenipun
kagungan kersa. Kejawi saking punika pangajabipun pengantin ing tembe
gesang ipun sampun namung pados manisipun kemawon, kadosdene pepatah “
habis manis sepah dibuang”
7. Ron keluwih’, dados lambang supados ing tembe wingking gesangipun
saged tansah ‘linuwih’ , sarta gesangipun saged kacukupan ; bab raja
brana sarta derajat dsb
8. Ron ringin, mengku werdi gesangipun sageda dados payunging
kulawarga, sumrambah dateng masyarakat sakiwa tengenipun. ( nuwun sewu
boten malah damel kapitunan )
9. Ron kroton / puring, kejawi dados tolak bala mligi roh alus
ingkang badhe ngganggu kawilujenganpin sarta badhe njugaraken
sesambetanipun bebrayan
Mila tarub satunggaling pratanda pasang tolak balak sambet
anggenipun kulawarga badhe kagungan kersa mantu. Dene janur kuning kang
mlengkung dados lambang bilih lare putri putranipun bapak ( N ) sampun
wonten ingkang mengku. Mila pasangipun kedah melengkung mengku werdi
ngrengkuh.
Makaten sawantawis bab tatacara adat Jawi pasang tarub
BAB UPACARA PANGGIH PENGANTEN
GAGRAH NGAYOGYAKARTA
Pepanggihan wanci punika badhe kula aturaken mligi:
- NDUDHAH WIGATOSING UPACARA PANGGIH
- LAMPAHING ADICARA PANGGIH
Ngemuti bilih kabudayan Jawi estu luhur, liripun mengku sasmita,
kebag ing pralampita, awit kebag ing pitutur utawi piwucal luhur kang
sinandi. Ingkang tlonjongipun amargi kawios saking pangandikan utawi
pangajab ingkang kagungan karsa, boten sanes murih sageda sami manggih
kabegjan, gesang kang utami
Dene Adat upacara panggih penganten punika pancen boten sami
antawisipun daerah satunggal lan satunggalipun, kados dene gagrak
Ngayogja kaliyan gagrak Solo, sarta daerah sanesipun, semanten ugi
uba-rampenipun, sarta lampahing adicara. Pemanggih kula, sedaya wau
ingkang dados sumber boten sanes saking kraton, utawi ingkang kagungan
panguwaos wedal semanten. Mila gagrak Yogja ugi saking Kasultanan Kraton
Ngayogyakarta Hadiningrat, semanten ugi gagrak Solo saking kasunanan
Kraton Surakarta Hadiningrat.
Nanging ingkang badhe kula aturaken, mligi upacara panggih gagrak
Ngayogya, ingkang sampun sumebar sarta mekar sak jawining kraton. Kepara
sampun dados paugeran saking para empu ingkang sami pinitados
Dene upacara Manten kula pilah dados kalih perangan inggih punika:
- A. Upacara sangajenging tarub
- Purwakaning upacara: Manten kakung lan pangombyong yen dumugi
ngajeng Tarub kendel, lumarape Sanggan ingkang dipun aturaken Rama-Ibu
Manten Putri, kang werdinipun; atur wuninga bilih Manten kakung sampun rawuh, mila nyuwun palilah enggal kersa manggihaken putranipun putri.
Yen sanggan sampun katampi, tumuli penganten putri kaboyong medal,
dipun purwakani medalipun kembar mayang. Dene padatan kembar mayang
kasenggolaken penganten kakung nembe kembar mayang dipun bucal,
werdinipun mbucal sesukeripun saha paring pambiwara, yen wanci punika
wonten manten .
- Balang-balang suruh / sadak: ( manten putri 3, kakung 4 ) yen
sampun sami aben ajeng ( 2-3 m) lajeng sami balang-balangan. Werdinipun
mengku pralambang anggenipun sami kapang (kesusu weruh)
- Wijikan, Manten putri mijiki maten kakung wonten ranupada, kanthi
ngguyur toya sritaman 3 X. Werdinipun dados tanda anggenipun nucekaken
Kakungipun, awit badhe mlebet / ngadani upacara ingkang langkung wigati
utawi suci, ugi saged dipun wastani tanda tresnanipun ingkang putri.
- Mecah tigan ayam: Salajengipun manten jumeneng aben ajeng, tumuli
Nyi Sembaga mundut tigan kathuthukan larapan maten kekalih, tumuli tigan
kapecah / kabanting. Werdinipun dados tandha anggenipun pecah
pikiranipun badhe manunggal, lan sageda saged numusi wiji dadi.
Salajengipun penganten kekalih kaboyong mlebet
B.
Upacara ing nglebet dalem
Manten dipun dherekaen mlebet dening Ibu pengaring, lan pangombyong Dene Urutaning lampah upacara :
1) Tampa kaya; Manten Kakung maringi guna kaya manten putri,
Werdinipun kakung maringi guna kaya kang kasuntak kanthi tuntas kagem
sisihanipun kang dipun tresnani, mila lajeng dipun bundheli, nanging
tumusing manah tasih dereng pitados, mila lajeng katitipaken Ibunipun.
2) Dhahar klimah: Kakungipun mundut sekul kakepel 3X,
kaparingaken ing lancaran kang kaasta manten putri, lajeng kadhahar
sisihanipun piyambak, kang kakung namung mirsani kanthi mesem… bingah.
Lajeng sami wijik, lan ngujuk sesarengan.
3) Sungkeman, yen besan badhe rawuh, prayogi dipun papak, yen
sampun lenggah nembe sungkeman. Sepisanan sungkem tiyang sepuhipun
putri, lajeng sungkem tiyang sepuhipun kakung ( besan)
Adicara punika mligi yen mantenipun prawan kaliyan joko. Awit yen
randha asal joko, lan sewalikipun, sarta tasih wonten sambet sederek,
pranataning adicara boten sami. Kejawi punika yen putra manten putri
mbajeng, asring dipun adani langkung rumiyin ngunjuk rujak degan,
werdinipun pinangka pambuka tumuruning wahyu penganten ing kulawarga.
(ingkang mbikak margi / bukak dasar )
Makaten sawentawis adat upacara Panggih Manten gagrah Ngayogjakarta. Ingkang sampun dados paugeran
Atur Cecala bab Uba rampe upacara panggih, Ing Ngajeng Tarub:
- Sanggan (pisang raja setangket, ganten, sekar setaman, lan lawe wenang
- Gantal. suruh kalinting isinipun; gambir lan apu katangsuli tali lawe
- Ranupada ( lemek kagem mijiki suku ) lan siwur
- sekar setaman ( mlathi, kenanga lan mawar )
- tigan ayam kampung
Uba rampe upacara, Ing nglebet utawi ing pedaringan
- Kagem tampa kaya; inggih punika:
v arta receh, cacah jangkep, saking kang alit dumugi ageng piyambak)
v biji-bijian ( wiji = winih) ingkang saget tuwuh;dele, tholo, kacang ijo, beras, jagung lan sanesipun.
v empon-empon: dlingo bengle
v sekar sritaman,
v Kacu wadha kagem wadah guna kaya wau.
v Kagem dhahar klimah: sekul kuning, kanthi lawuh ati ayam
kapindang antep, saged dipun pepaki upami ngagem lalapan, lan sanesipun
v Piring kagem dhahar, Wijikan lan serbet / kacu
v Unjukan pethak / teh ( lan rujag degan yen perlu )
Gendhing ingkang dipun agem:
- Gendhing Bindri : kagem ngiringi rawuhipun maten Kakung
- “Ladrang Penganten Pl Barang= kagem upacara wiwit balang-balang dumugi kabotong mlebet dalem
- “Ladrang “Ganti Wibawa Pl Barang, utawi kidung Dhandhanggula penganten kagem upcara kacar-kucur lan sungkeman.
UPACARA PANGGIH PENGANTEN GAGRAH SOLO
Cekaking rembag: Nglajengan punapa sampun iaturaken
rikala Minggu kapengker, upacara panggih gagrak Ngayogyakarta. badhe
kula sambet kados pundi yen gagarak Solo, lan ing pundi bedanipun. Nuwun
sewue ingkang kula aturaken punika, mligi tata ados adat kabudayan
sakjawining kraton ingkang sampun dipun tangsuli dening
paugeran-paugeran, kepara sampun kekahaken dados paugeran umum,
Upacara sangajenging tarub
Panataning pangombyong (pormasi barisan) Maten kakung
- Cucuk lampah (ingkang pinangka wakil keluwarga)
- Sanggan
- Kembar Mayang sepasang
- Maten kakung lan 2 ; pengaring Kakung
- Pangombyong (kulawarga, warga sanesipun. Tiyang sepuh boten tumut )
Panataning lampah (pormasi barisan) Maten Putri
- Cucuk lampah,
- Putri Domas ( Penari gambyong,yen perlu ngagem )
- Kembar Mayang sepasang
- Maten putri lan 2; pengaring Putri
- Tiyang Sepuh.
- Mligi warga nunggal bapa biyung ( boten perlu perlu pengombyong)
Tata rakiting upacara
- Manten kakung rawuh dipun purwakani gending Kebo Giro ( monggang)
- Rombongan dumugi ngajeng Tarub, kang ngasta sanggan lajeng mlebet ( kados Yogja). tumuli Rombongan Manten putri medal .
- Litunan Kembar Mayang, kembar mayang saking kakung kacaosan
keluarga, samangke kapajang sakiwa tengening dampar rinengga /
pedaringan. Dene kembar mayang saking putri kabucal wonten jawi (
prapatan)
- Balang-balang sadak ( namung kaping sepisan)
- Manten Kakung ngidak tigan ing ranu pada
- Manten putri mijiki sukunipun.
- Manten kaboyong mlebet ngadani adicara kacar-kucur. Nalika mlebet
maten kekalih dipun kemuli sindur, Ibunipun. Werdinipun tiyang sepuh
nggendhong kekalih putranipun, Mila cakcakanipun Ramanipun wonten
ngajeng maten, dene maten kekalih sami nyepengi bangkejan ramanipun,
Ibunipun wonten wingking maten kaliyan nyepengi sindur ingkang dipun
kemulaken, lanjeng mlebet, dipun rumiyine embar mayang saking kakung
wau. Ingkang dipun pandegani cucuk lampah.
- B. Adicara kacar-kucur:
1) Upacara timbangan, tumindakipun: Ramane Lenggah, lanjeng maten
sami dipun pangku pupu kiwa tengen ramanipun. Tumuli Ibune nyuwun
pirsa:”Abot endi Pak?” Ramanipun paring wangsulan: “Padha wae “
2) Upacara Tandur:: bibar mangku Ramanipun lajeng jumeneng,
tumuli manten kekalik pundhakipundipun cepengi asta kiwa tengen lajeng
kalenggahaken (katuncepaken) mimba tiyang tandur
3) Upacara Tampa Kaya, sami Yogya
4) Dahar Klimah, tumindakipun manten kakung mundut sekul kakepel
kaping tiga, dipun paringaken piring ingkang dipun asta manten putri,
lajeng sami dipuin dhahar sesarengan (Kembul dhahar) lajeng wijik, lan
ngujuk sarengan.
5) Yen manten putri bajeng, lajeng diun adani ngunjuk rujag
degan, tumidakipun: Ibu maten mundut rujag degan, kacaosaken garwanipun,
yen sampun diujuk, sisihanipun nyuwun pirsa: ” Piye pak rasane?
6) Garwanipun mangsuli:”wah seger sumyah, lajeng rujak dipun
suwun Ibunipun, lajeng kaunjuk, kanthi manthuk-manthuk, lajeng dipun
paringaken putra manten kekalih, supados ugi ngicipi unjuk.
7) Sungkeman, dipun purwakani metuk besan, yen sampun lenggah, lajeng dipun purwakani sungkeman, caranipun kados Yogya.
https://suwardanijaya.wordpress.com/tata-adat-busana-jawa-3/